Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Info Penting kanggo Para Pendaki, Mangsa Mbedhidhing Hawa ing Gunung Lawu Adhem Banget

Satmiko Supraptono • Selasa, 16 Juli 2024 | 20:00 WIB
MBEDHIDHING: Swasana Cemorosewu, Magetan, saliyane adhem banget uga akeh pedhut. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
MBEDHIDHING: Swasana Cemorosewu, Magetan, saliyane adhem banget uga akeh pedhut. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETANJawa Pos Radar Madiun – Saben sasi sura Gunung Lawu isih dadi jujugane para pendaki sing muncak.

Saliyane pendaki sing sengaja nindakake lelaku tirakat uga pendaki sing mung tujuane wisata utawa healing.   

Sasi Sura saiki contone, sanajan bebarengan kara mangsa bedhidhing, nanging panggah akeh sing muncak.

Pancen ora bisa diselaki yen gunung sing dadi watese tlatah Jawa Timur-Jawa Tengah iki dadi destinasi favorite para pendaki.

Gunung sing dhuwure 3.265 meter di atas permukaan laut (mdpl) iki, saliyane duwe pamandangan endah uga akeh tantangane.

Jalur pendakian sing paling rame liwat Cemorosewu, Magetan, Jawa Timur lan Cemorokandang, Karanganyar, Jawa Tengah.

Sanajan mengkono, penting tumrape para pendaki weruh kondisi cuaca ing Gunung Lawu wektu iki.

Miturut katerangan saka pirang-pirang sumber, hawa (suhu udara) ing Gunung Lawu saiki lagi adhem banget.

Kira 8 derajat Celcius nganti 12 derajat Celcius nalika awan lan bisa mudhun nganti 3 derajat Celsius ing wayah wengi.

Kondisi cuaca umume cerah, uga dikira-kira bakal udan ringan nganti pirang-pirang dina mangarep.

Kacepatan angin kira-kira patang meter saben detik saka wetan-kulon, saengga sansaya nambahi adhem. 

Iki Prakiraan Cuaca Pirang-Pirang Dina mangarep:

Baca Juga: WARTA JAWA | Mangsa Bedhidhing, Pambudidaya Iwak Koi neng Kabupaten Magetan Ketar-ketir, Iki Jalarane

- Selasa, 16 Juli 2024

Suhu maksimum 11 derajat Celcius, minimum 3 derajat Celcius, dikira-kira udan ringan ing wayah isuk.

- Rabu, 17 Juli 2024

Suhu maksimum 12 derajat Celcius, minimum 3 derjata Celcius,  dikira-kira langit cerah sedina utuh.

- Kamis, 18 Juli 2024

Suhu maksimum 11 derjat Celcius, minimum 3 dejatar Celcius, dikira-kira ujan ringan ing wayah sore.

- Jumat, 19 Juli 2024

Suhu maksimum 12 dejatat Celcius, minimum 3 derajat Celcius, dikira-kira langit  cerah ing wayah wengi.

- Sabtu, 20 Juli 2024

Suhu maksimum 10 dejatar Celcius, minimum 2 derajat Celcius, dikira-kira langit cerah di wayag wengi. 

Penting kanggo sing pingin muncak neng Gunung Lawu weruh kondisi cuaca supaya bisa ngantisipasi.

Saliyane nyiapake fisik, uga butuh piranti pendakian lan sangu sing dibutuhake nalika ndaki. (kid/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pendaki #lawu #magetan #gunung #wisata #celcius #sura #suhu #healing