Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Macapat (4): Kinanthi Nggambarake nalika Manungsa Duweni Usaha Nemokake Jati Dirine

Satmiko Supraptono • Rabu, 17 Juli 2024 | 00:00 WIB

ILUSTRASI: Usaha nemokake jati diri ing kekancan lan sesrawungan. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Usaha nemokake jati diri ing kekancan lan sesrawungan. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN – Ing Macapat ana 11 tembang sing mujudake urut-urutan lelakune urip manungsa.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ngene iki katerangan cekake.

Urutan kapapat tembang Macapat yakuwi Kinanthi sing nggambarake kekancan, gandhengan tangan, lan jenenge kembang.

Sawetara tembung kanthi tegese  nuduhake. Saengga, tembang iki minangka pituduh manungsa ing usaha nggayuh gegayuhane.

Kinanthi uga duwe makna proses nemokake jati dirine manungsa  saka pendidikan formal lan nonformal.

Guru gatrane tembang Kinanthi cacahe ana nem baris utawa larik. Guru wilangan saben larik utawa baris: 8, 8, 8, 8, 8, 8 wanda.

Guru lagu ing saben larik utawa baris yakuwi u, i, a, i, a, i. Iki conto tembang Kinanthi ing Serat Wedhatama.

Marma dan taberi kulup,
Angulah lantiping ati,
Rina wengi den anedya,
Pandak panduking pambudi,
Bengkas kahardaning driya,
Supaya dadya utami.

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Macapat (1): Maskumambang, Gambaran Welas Asih Ibu Marang Anak Wiwit ing Kandhutan

Yen dijlentreahe kira-kira kaya ngene iki:

Mula padha sregepa anak-anakku,
Sinau nglandhepake ati,
Awan wengi tansah usaha,
Mlebu ing njero sanubari,
Ngilangake nepsu pribadi,
Supaya dadi (manungsa) utama.

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Dolanan Gugur Gunung Nyimpen Pitutur Luhur Bab Tetulung marang Sapadha-padha

Tembang Kinanthi menehi pituduh supaya manusia sregep sinau ngasah ati supaya dadi manungsa sing duwe prinsip.

Kita kudu dadi pribadi sing tansah duwe usaha kanggo ngontrol ego pribadine dhewe-dhewe.

Usaha tenanan awan lan wengi kanggo nggayuh tujuan supaya dadi manungsa sing sejati.

Ngene iki jlentrehane tembang Kinanthi. Muga-muga migunani. (mg2/rei)

Editor : Satmiko Supraptono
#macapat #tembang #kinanthi #jawa #madiun