Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Macapat (6): Gambuh Nggambarake Sesambungan Horisontal lan Vertikal Manungsa

Satmiko Supraptono • Jumat, 19 Juli 2024 | 00:00 WIB

ILUSTRASI: Manungsa tansah sesambungan karo manungsa liyane uga marang Gustine. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Manungsa tansah sesambungan karo manungsa liyane uga marang Gustine. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN – Ing tembang Macapat ana 11 tembang sing diurutake minangka gambaran lelakune urip manungsa.  

Tembang kaenem yakuwi Gambuh sing uga duwe makna lan fisofi jero kaya 10 tembang liyane ing Macapat.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan ngene katerangan cekake.

Tembang Gambuh nyritakake sesambungane manungsa siji lan liyane uga sesambungan marang Gusti Kang Maha Agung.

"Gambuh" asale saka tembung "jumbuh” utawa “sarujuk" sing artine cocog utawa setuju.

Gambuh diinterpretasekake minangka simbol kasesuaian, kawicaksanan, lan kasalarasan utawa toleransi.

Kawicakcanan nuduhake kamampuan kanggo nepakake samubarang kanthi trep miturut peran lan gunane.

Tembang Gambuh duwe sipat pitutur, paseduluran, kabecikan lan tumindak apik marang kabeh makluk urip.

Tembang gambuh duwe guru gatra lima 5 baris utawa larik saben bait utawa paragaraf. Guru lagune u, u, i, u, o.

Cacahe wanda utawa guru wilangan pada tembang macapat Mijil, yakuwi 7, 10, 12, 8, 8.

Iki salah siji conto tembang Gambuh saka Serat Wedhatama:

Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
Ing kono lamun tinemu
Tandha nugrahaning Manondengan

Artine:

Mengko dak tuturi,

Patang jinis sembah supaya dilestarekake
Sembah raga, cipta, jiwa lan rasa, anakku
Ing kono bakal pethuk
pratanda anugrahe Gusti.

 

Conto liyane: 

Kasusu arsa weruh
Cahyaning Hyang kinira yen karuh
Ngarep arep urub arsa den kurebi
Tan wruh kang mangkono iku
Akale kaliru enggon

Artine:

Kesusu pingin weruh,
Cahyane Gusti dikira bisa ditemokake,
Ngenteni oleh anugrah nanging peteng ing mripat
Wong ora eruh sing kaya ngono kuwi
Jalaran nalar wis salah kaprah

Iki sithik katerangan bab tembang Macapat Gambuh. Muga-muga migunana. (mg2/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#macapat #gambuh #tembang #jawa #madiun