JAWA POS RADAR MADIUN – Salah siji tembang Macapat sing nggambarake lelakune urip manungsa yakuwi Dhandhanggula.
Tembang iki ana ing urutan sing kapitu saka 11 tembang Macapat. Kaya tembang liyane, Dhandhang gula uga duwe makna lan filosifi.
Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ngene katerangan cekake.
Dhandhanggula asale saka tembung “dhang-dhang” sing duweni arti pangarep-arep utawa harapan.
Nanging, uga ana sing nyebut saka tembung ‘’gegadhangan’’ sing tegese angen-angen utawa gagayuhan.
Sawetara tembung “gula” ing Dhandhanggula nggambarake rasa endah, legi lan kabagyane urip.
Dadi, tembang Dhandhanggula nggambarake perjuangan kanggo nggayuh gagayuhan utawa kabagyane urip.
Macapat Dhandhanggula duweni watak bungah, bagya, luwes, lan endah. Mula cocog kanggo ngandhakake rasa bagya.
Tembang dhandhanggula klebu salah siji Macapat sing cacahe gatra utawa larik paling dawa.
Guru gatrane 10 larik saben bait. Guru wilangane 10,10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7. Guru gatrane i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.
Iki salah siji conto tembang Macapat Dhandhanggula ing Serat Wulangreh:
Sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
Rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.
Artine:
Maknane panguripan kuwi,
eman-eman yen ora weruh,
ora bakal kuwat uripe,
akeh wong sing ngaku,
prasaane wis utama,
kamangka durung weruh rasa,
rasa kang sejatine,
hakikat rasa yakuwi,
ngupaya supaya dadi sampurna,
ing panguripan.
Iki sithik katerangan lan conto tembang Macapat Dhandhanggula. (mg2/rei)
Editor : Satmiko Supraptono