Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Macapat (8): Durma Pitutur yen Oleh Kamulyan Kudu Tansah Sukur lan Preduli marang Liyan

Satmiko Supraptono • Sabtu, 20 Juli 2024 | 22:00 WIB

ILUSTRASI: Preduli marang liyan minangka wujud sukur merga wis oleh kanikmatane urip. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Preduli marang liyan minangka wujud sukur merga wis oleh kanikmatane urip. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN - Tembang macapat minangka salah siji kasenian Jawa sing isih populer nganti saiki.

Miturut pirang-pirang sumber, Macapat nggambarake lelakune urip manungsa wiwit sadurunge lair nganti tekane pati.

Saka 11 tembang Macapat, salah sijine Durma. Tembang iki ana ing urutan kawolu ing Macapat.

Tembang durma nggambarake manungsa nalika oleh kanikmatan arupa kacukupan ing uripe.

Saengga, kudu akeh sedekah utawa menehi wong liya sing durung cukup lan tansah sukur marang Gusti Kang Maha Agung.

“Durma” asale saka tembung “darma” utawa “weweh”. Ana uga sing njlentrehake “munduring tata krama”.

Karakter Durma arupa tantangan, gampang nesu lan kemaki. Saengga tembang ini cocog kanggo lelagon perang.

Nanging, ing sisih liyane, Durma duweni watak kang kebak motivasi, semangat juang lan teges.

Guru gatrane ana 7 larik saben bait.  Guru wilangane 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7. Guru lagune a, i, a, a, i, a, i.

Iki salah siji conto Tembang Durma sing ana ing Serat Wulangreh:

Dipun sami ambanting sariranira
Cegah dhahar lan guling
Darapon sudaa
Nepsu kang ngambra-ambra
Rerema ing tyasireki
Dadi sabarang
Karsanira lestari

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Macapat (3): Sinom Nggambarake Mangsa Mudha kang Endah, Kebak Pangarep-arep lan Angen-Angen

Arti bebase:

Kulinakna urip lan lelakumu tansah prihatin kanthi cara nyuda mangan lan turu. Kabeh kuwi minangka sarana kanggo nyuda hawa nepsu.

Yen perlu karo tafakur lan ngeningake cipta marang Kang Nggawe Urip (Gusti Kang Maha Agung). Kabeh kuwi bisa ndadekake angen-angenmu kaleksananan.

Kurang luwih kaya ngene iki sithik katerangan saka tembang Macapat Durma. (sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#macapat #tembang #durma #jawa #madiun