Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Macapat (9): Pangkur Duweni Makna Mungkur saka Tumindak Ala Tumuju Kahanan kang Luwih Apik

Satmiko Supraptono • Minggu, 21 Juli 2024 | 22:00 WIB

ILUSTRASI: Ndandani tumindak ala dhek nalika semono supaya dadi luwih apik saiki lan mangarep. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Ndandani tumindak ala dhek nalika semono supaya dadi luwih apik saiki lan mangarep. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN Maneka warna kabudayan ing masyarakat Jawa, salah sijine kasusastran.

Tembang uga klebu ing sastra Jawa. Salah sijine Macapat sing paling populer ing masyarakat Jawa.

Ana 11 tembang ing Macapat sing kabeh duwe makna lan filosofi dhewe-dhewe. Salah sijine Pangkur, tembang  kasanga.

Pangkur saka tembung "mungkur" sing tegese lunga utawa ninggalake. Maknane, ninggalake samubarang hawa nepsu kadonyan.

Nalika ngadhepi kaananan sing ala, prayogane ninggalake kaalaan kuwi supaya ora kecemplung utawa katut ing njerone.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ngene iki katerangan cekake.

Tembang Pangkur nggambarake manungsa sing wis ninggalake tumindak ala lan tumuju utawa malih dadi apik.

Gampangane, Pangkur nggambarake manungsa sing miwiti utawa bali nindakake kewajibane marang Gusti Kang Maha Agung.

Tembang pangkur duwe karakter gagah, kuat, lila lan legawa ndandani awake dhewe supaya dadi luwih apik.

Iki salah siji cakepan utawa lirik tembang Macapat Pangkur ing Serat Wedhatama:

Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karanan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Macapat (4): Kinanthi Nggambarake nalika Manungsa Duweni Usaha Nemokake Jati Dirine

Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa,
Agama ageming aji.

Yen dijlentrehake:

Manungsa ora bisa uwal saka kaluputan, mula kudu tansah eling samubarang ala sing ora oleh ditindakake.

Manungsa kudu pinter ngendalekake hawa nepsu supaya ora kasurung kanggo tumindak samubarang kang ala.

Nanging yen wis kadhung tumindak ala, kudu duwe ati kang lila lan legawa nyadari kaluputan lan gelem ndandani.

Tembang Macapat Pangkur minangka sarana pituture masyarakat Jawa sing alus lan kebak welas asih ing babagan agama.

Iki katerangan cekak makna lan weling sing kakandhut ing tembang Macapat Pangkur. Muga bisa nambahi kawruh. (mg2/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#macapat #tembang #jawa #madiun #pangkur