Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Suran Agung neng Kota Madiun Bisa Mlaku Lancar sanajan Isih Ana Pelanggaran Maklumat

Erlita H • Senin, 22 Juli 2024 | 16:00 WIB
TRADISI-BUDAYA: Suran Agung 2024 neng Kota Madiun diramekake kirab budaya. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)
TRADISI-BUDAYA: Suran Agung 2024 neng Kota Madiun diramekake kirab budaya. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Tradisi Suran Agung neng Kota Madiun mlaku kanthi aman lan damai wingi (21/7).

Sanajan mangkono isih durung bisa uwal saka kadadean cilik sing ditindakake oknum pesertane.

Kaya konvoi pitmontor sing nekat nganggo knalpot brong lan kendaraan bak terbuka kanggo ngemot peserta.

Miturut Penjabat (Pj) Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto, pelanggaran kuwi bisa ditangani pihak kepolisian.

Oknum peserta sing konangan konvoi pitmontor nganggo kanlpot brong langsung ditilang.

‘’Pancen isih ana siji-loro (sing nglanggar maklumat), tulung aja dibaleni meneh taun ngarep,’’ kandhane Eddy.

Eddy ngeklem Suran Agung taun iki luwih apik tinimbang sadurung-sadurunge, nanging kudu panggah dievaluasi.

Eddy isih pikir-pikir upama ngusulake Suran Agung iki dilebokake event Kreativitas Ekonomi Nasional (KEN).

Miturut dheweke, yen para peserta (pesilat lan pendekar) bisa diatur mesti bakal dadi bahan timbangan.

Kapolres Madiun Kota AKBP Agus Dwi Suryanto nambahi yen Suran Agung bisa dikendalekake lan kondusif.

Cacah 1.035 personel gabungan diterjunake kanggo ngamanake kagiatan sing dipusatake neng lapangan Winongo iki.

Sawetara bab isih anane konvoi pitmontor nganggo kanlapot brong lan  kendaraan bak terbuka, pihake wis menehi tindakan.

‘’Babagan (pelanggaran) kaya ngene iki mesthi dadi cathetan penting kanggo kagiatan-kagiatan sabanjure,’’ jarene.

Ketua Panitia Suran Agung PSHW Tunas Muda Budi Hartono ngucap matur nuwun marang kabeh pihak.

Utamane marang pemerintah daerah (pemda) lan pihak kaamanan sing wis melu nyuksesak Suran Agung 2024. 

Dheweke ngelingake kabeh warga PSHW Tunas Muda supaya tegak lurus karo aturan lan njaga jeneng apike perguruan.

‘’Budaya kang adiluhung kudu dijaga, aja nganti diregeti oknum sing ora tanggung jawab,’’ welinge Budi. (mg1/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#suran agung #tradisi #kapolres #winongo #PSHW #madiun #wali kota