Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Macapat (10): Megatruh Nggambarake Manungsa nalika Ngadhepi Tekane Malaikat Juru Pati

Satmiko Supraptono • Selasa, 23 Juli 2024 | 00:00 WIB

ILUSTRASI: Kabeh makluk urip neng donya, klebu manungsa, mesthi bakal mati sing maneka warna jalarane. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Kabeh makluk urip neng donya, klebu manungsa, mesthi bakal mati sing maneka warna jalarane. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN - Tembang kasepuluh saka 11 tembang ing Macapat yakuwi Megatruh sing maknane jero banget.

Tembang iki nggambarake kahanane manungsa nalika arep ninggal donya utawa sekarat (sakaratul maut).

Kapethik saka pirang-pirang sumber, Megatruh saka tembung “megat” utawa “pegat” (pisah) lan “ruh”, maknane pisahe jiwa lan raga.

Kamatian sing paling ditegesake ing tembang Megatruh, jalaran saben makluk urip ing donya mesthi bakal mati.

Yakuwi proses kabukake gerbang kanggo manungsa tumuju panguripan kang ora bakal ana akire (abadi) utawa akirat.

Tumrape manungsa sing duwe iman, ruh bakal ucul saka raga kanthi gampang lan entheng utawa ora nglarani.

Tumrape wong kang duwe iman, Malaikat juru pati bakal teka njabut nyawa kanthi cara sing nyenengake.

Ora gampang ngramalake kapan tekane pati. Kamatian bisa disababake lara, kacilakaan utawa sabab liyane sing ndadak.

Sipat lan karakter tembang Megatruh, sedhih, prihatin, lan getun. Isine pitutur supaya manungsa nyiapake uripe sadurunge teka patine.

Tembang Megatruh klebu Macapat sing cendhak, mung duwe 5 guru gatra sing susunane 12-u, 8-i, 8-u, 8-i, 8-o.

Ing ngisor iki salah siji cakepan Tembang Megatruh:

Sigra milir sang gethek sinangga bajul,
kawan dasa kang njageni,
ing ngarsa miwah ing pungkur,
tanapi ing kanan kering,
sang gèthèk lampahe alon.

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Macapat (6): Gambuh Nggambarake Sesambungan Horisontal lan Vertikal Manungsa

Artine:

Ndang milia prahu kang disangga bajul,
ana patang puluh sing njaga,
ing ngarep uga ing mburi,
ora lali uga ing tengen lan kiwa,
prahune mlaku alon-alon.

Iki katerangan sithik saka tembang Macapat Megatruh. Muga bisa dadi piweling kanggo kita kabeh. (sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#macapat #tembang #megatruh #jawa #madiun