JAWA POS RADAR MADIUN – Ing budaya lan tradisi Jawa tembang Macapat minangka sarana kanggo pitutur sing kebak makna.
Saka 11 tembang ing Macapat, sing pungkasan yakuwi Pucung. Iki pethikan saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan.
“Pocung” utawa “pucung” asale saka tembung “pocong”, yakuwi wujude wong mati sing kawungkus kain mori.
Tembang Pucung duweni filosofi babagan ritual kanggo nglilakake lungane wong kang ditresnani salawase.
Tembang Pucung uga nggambarake lelaku pungkasane manungsa ing alam donya sadurunge tumuju ing akirat.
Ing fase iki manungsa bali ing Ngarsane Gusti Kang Maha Agung kanggo nanggungjawabake amale nalika ing donya.
Pucung nggambarake kahanane manungsa sawise mati (sambungane tembang Megatruh), utawa sawise nyawane ucul saka ragane.
Raga (jenasah) sing keri bakal dirumat salumrahe. Didusi banjur disandhangi utawa diwungkus kain mori (dipocong).
Uga ana sing ngarani “pucung” saka tembung “kudhuping gegodhongan” utawa godhong sing mingkup.
Tembang Pucung uga kerep nyritakake babagan sing ngguyokake (lucu) lan cangkriman sing nglipur ati.
Sanajan lucu, tembang iki isine pitutur luhur supaya manungsa urip salaras karo alam, lingkungan, lan Gustine.
Iki salah siji cakepan tembang Macapat Pucung:
Angkara gung neng angga anggung gumulung
Gegolonganira
Triloka lekeri kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
Artine:
Kajahatan gedhe ing awak saya ndadi
Nyawiji karo awake dhewe
Nembus ing telung donya
Yen diumbar bakal dadi mala lan bencana.
Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Macapat (6): Gambuh Nggambarake Sesambungan Horisontal lan Vertikal Manungsa
Pitutur ing tembang Pucung, manungsa kudu tansah eling yen bakal bali ing Ngarsane Gusti Kang Maha Agung.
Ora mung kuwi, nanging uga kudu nanggungjawabake amal lan tumindake nalika neng alam donya.
Iki katerangan sithik maknane tembang Macapat Pucung. Muga migunani. (mg2/nda)
Editor : Satmiko Supraptono