Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Didi Kempot sing Ngangkat Panggonan neng Madiun Raya (1): Pantai Klayar Pacitan

Satmiko Supraptono • Kamis, 25 Juli 2024 | 00:00 WIB

PANCEN ENDAH: Pantai Klayar ing Desa Sendang, Kecamatan Donorojo, Kabupaten Pacitan. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
PANCEN ENDAH: Pantai Klayar ing Desa Sendang, Kecamatan Donorojo, Kabupaten Pacitan. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

JAWA POS RADAR MADIUN – Ora bisa diselaki yen jenate Didi Kempot minangka maestro tembang campursari ing Indonesia.      

Ora mung penyanyi, nanging uga pencipta atusan tembang Jawa sing nganti saiki isih akeh ditembangake masyarakat uga penyanyi liya.

Rata-rata tembange duwe tema patah hati, saengga oleh julukan “Godfather of Broken Heart” lan “Bapak Patah Hati Nasional”.

Ciri kas liya ing tembange Didi Kempot akeh sing ngangkat panggonan sing dadi ikone salah siji daerah.

Iki bisa diarani minangka bukti saka “Sewu Kutha” sing wis ditekani, salah siji tembange Didi Kempot sing paling hits. 

Klebu pirang-pirang panggonan ing Madiun Raya sing nginspirasi tembange. Salah sijine Pantai Klayar ing Kabupaten Pacitan.

Pantai Klayar minangka salah siji pantai sing duwe pasir putih lan watu karang uga dikubengi tebing-tebing watu.

Pantai sing dadi ikon pariwisatane Kabupaten Pacitan iki ana ing Desa Sendang, Kecamatan Donorojo.

Jarake kira-kira patang puluh kilometer mangulon saka Pacitan kutha utawa arah menyang Wonogiri, Jawa Tengah.

Pantai Klayar minangka salah siji saka puluhan pantai neng Kabupaten Pacitan sing kabeh endah lan duweni kekasan dhewe-dhewe.

Iki cakepan utawa lirik tembang Pantai Klayar:

Tulung sawangen, sawangen aku sing nandhang rindu
Oh tulung muliha senajan sedela, aku wis lila

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Macapat (8): Durma Pitutur yen Oleh Kamulyan Kudu Tansah Sukur lan Preduli marang Liyan

Samar, ati iki samar yen nganti kowe lali
Janjimu ning Pantai Klayar

Samar, ati iki samar yen nganti kowe tega
Ninggal aku ganti pacar, ou-oo

Sedela wae aku ora bisa
Adoh kowe ningapa ninggalke lunga
Sekedhep netra aku ora lila
Yen kowe nganti gandheng karo wong liya, ou-oo

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Macapat (7): Dhandhanggula Nggambarake kanggo Nggayuh Kabagyane Urip Mbutuhake Perjuangan

Birune segara kutha Pacitan
Nyimpen janjimu seprene ra bisa ilang
Birune segara kutha Pacitan
Pantai Klayar sing nyimpen sewu kenangan, ou-oo

Editor : Satmiko Supraptono
#campursari #pacitan #tembang #didi kempot #pantai klayar #jawa #madiun