PACITAN, Jawa Pos Radar Pacitan – Rasane kayadene dibalekake meneh adoh menyang jaman watu (batu).
Kira-kira ngono kuwi sing dirasakake masyarakat yen mlebu tlatah Kabupaten Pacitan saka etan utawa Kabupaten Trenggalek.
Kuwi nalika nyawang tugu perbatasan antardaerah sing dibangun Pemkab Pacitan nganggo ragat Rp 665 yuta.
Sadurunge, DPRD Pacitan pancen mbiji menawa panandha tapel wates daerah saka ngendi wae wis ora patut.
Semono uga kurang menehi gambaran sing jero babagan kabupaten sing jejuluk Kota 1001 Gua iki.
Kanggo mangsuli kritik kuwi, tahun iki pemkab ngowahi total gapura tapel wates karo Trenggalek.
Sing unik, yen ora gelem diarani aneh, wujude watu tumpuk (batu bertumpuk) sing dhuwure limang meter.
Saliyane minangka panandha wates tlatah daerah, tugu iki uga minangka landmark lan ikone Kabupaten Pacitan.
Iki kandhane Kabid Tata Bangunan Dinas Pekerjaan Umun dan Penataan Ruang (DPUPR) Pacitan Endhit Yuniarso.
Tugu neng Desa Sumberejo, Kecamatan Sudimoro, iki nggarape dicicil wiwit taun 2022 kepungkur.
Sisih lore tugu kuwi rencanane bakal digawe rest area. ‘’Mengko ana tambahan relief lan watu alam,’’ kandhane wingi (24/7).
Pihake ngeklem yen tugu watu tumpuk duwe makna lan filosofi sing ngambarake kawasan karst Pacitan lan mlebu Gunung Sewu.
Uga wis diakoni United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO) Global Geopark (UGG).
Kaanane tugu watu tumpuk iki wis dadi rame ana ing media sosial (medsos). Ana sing pro uga ana sing kontra.
Ria Mahesa, warga kono, kuwatir bangunan sing dawane 12 meter sing malang sandhuwure dalan iki ambrol yen ana lindhu.
Sawetara Suparno, warga liyane, mbiji tugu iki minangka gambaran kutha tuwa, kayadene Pacitan ing jaman watu. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono