Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Didi Kempot sing Ngangkat Panggonan neng Madiun Raya (2): Terminal Kertonegoro Ngawi

Satmiko Supraptono • Jumat, 26 Juli 2024 | 00:00 WIB

STRATEGIS: Terminal Bis Kertonegoro ana ing Desa Grudo, Kecamatan/Kabupaten Ngawi. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
STRATEGIS: Terminal Bis Kertonegoro ana ing Desa Grudo, Kecamatan/Kabupaten Ngawi. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

JAWA POS RADAR MADIUN – Ora bisa diselaki yen jenate Didi Kempot minangka maestro tembang campursari ing Indonesia.      

Ora mung penyanyi, nanging uga pencipta atusan tembang Jawa sing nganti saiki isih akeh ditembangake masyarakat uga penyanyi liya.

Rata-rata tembange duwe tema patah hati, saengga oleh julukan “Godfather of Broken Heart” lan “Bapak Patah Hati Nasional”.

Ciri kas liya ing tembange Didi Kempot akeh sing ngangkat panggonan sing dadi ikone salah siji daerah.

Iki bisa diarani minangka bukti saka “Sewu Kutha” sing wis diliwati, salah siji tembange Didi Kempot sing paling hits. 

Klebu pirang-pirang panggonan ing Madiun Raya sing nginspirasi tembange. Salah sijine Terminal Kertonegoro Ngawi.

Terminal Bis Kertonegoro Ngawi ana ing Jalan Suryo, Desa Grudo, Kecamatan/Kabupaten Ngawi.

Terminal iki manggon ing poros dalan nasional Ngawi-Mantingan utawa nyambungake tlatah Jawa Timur-Jawa Tengah.

Terminal iki nglayani angkutan kota lan padesan,  antar kota antar propinsi (AKAP) lan antar kota dalam propinsi (AKDP).

Manggone uga ora adoh saka gerbang tol Ngawi-Solo. Uga akses tumuju pirang-pirang objek wisata neng lereng Gunung Lawu.   

Iki cakepan utawa lirik tembang Dalan Anyar (Terminal Kertonegeoro):

Kembang tebu sing kabur kanginan
Saksi bisu sing dadi kenangan
Prasetyamu kuwi mung kiasan
Tresnamu saiki wis ilang

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Macapat (9): Pangkur Duweni Makna Mungkur saka Tumindak Ala Tumuju Kahanan kang Luwih Apik

Neng dalan anyar kowe karo sapa
Aku ngerti dhewe neng ngarepe mata
Neng dalan anyar kowe karo sapa
Neng kulon Terminal Kertonegoro Ngawi

Kembang tebu sing neng sawah Grudo
Ora garing senadyan mangsa ketiga
Tansah eling jamane semono
Neng kulon Terminal Kertonegoro

Editor : Satmiko Supraptono
#campursari #tembang #didi kempot #Terminal Kertonegoro #ngawi #jawa #madiun