KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Ing tanggal 18 Juli 2024 iki umure Kabupaten Madiun genep 456 taun.
Ana pirang-pirang cathetan penting sing menehi werna sejarah salah siji daerah ing Jawa Timur sisih kulon iki.
Salah sijine nate dipimpin bupati wanita. Yakuwi Raden Ayu (RA) Djumilah utawa Retno Dumilah.
Retno Dumilah kacathet minangka bupati Madiun kapisan utawa kaloro nalika jenenge isih Kabupaten Purabaya.
Sawetara bupati sing kapisan ramane dhewe, yakuwi Pangeran Timoer sing mengku wiwit 1568 nganti 1586.
Ing taun pungkasane dadi bupati Purabaya kuwi, bebarengan karo teluke Kraton Pajang dening Kraton Mataram.
Jalaran rumangsa duwe hak minangka ahli warise Pajang, Pangeran Timoer wegah teluk marang Mataram.
Mula Mataram banjur meksa nganggo cara merangi utawa nggempur Purabaya supaya gelem teluk.
Gempuran kaping pindho ing taun 1586 lan 1587 ora kasil. Wektu kuwi prajurit Mataram dipimpin RM Sutowijoyo.
Sawetara senopati (panglima) Purabaya Retno Dumilah sing uga bupati Purabaya kaloro ngganteni Pangeran Timoer.
Taun 1590, Mataram nglancarake peperangan sing katelu lan lagi bisa kasil nelukake Kabupaten Purabaya.
Ora mung tlatahe sing ditelukake, Retno Dumilah lan pusakane Kyai Kala Gumarang uga diboyong menyang Mataram.
Retno Dumilah uga mung bisa pasrah nalika dipundhut garwa Raja Mataram Panembahan Senopati.
Wiwit taun kuwi (1590) jeneng Kabupaten Purabaya diganti dadi Kabupaten Madiun (ana cathetan tanggal 16 Nopember).
Sawetra tanggal 18 Juli 1568 (456 taun kepungkur) minangka ngadege Kabupaten Purabaya sing diwengku Pangeran Timoer.
Wis dadi tradisi, bupati, forkopimda lan pimpinan OPD Pemkab Madiun njiarahi sareane Retno Dumilah ing Yogjakarta.
Persise ing komplek pasareane para raja Kraton Mataram ing Kotagede, Yogyakarta, Rebo (24/7) wingi.
‘’Iki kanggo ngelingake kita (generasi penerus) yen perjuangan durung rampung,’’ kandhane Pj. Bupati Madiun Tontro Pahlawanto.
Miturut dheweke, tinggalane para pamengku sadurung-sadurunge minangka amanah sing kudu tansah dijaga. (sat)
Editor : Satmiko Supraptono