Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Lila Ora Lila Tritis Omahe Megawati neng Pacitan Kudu Dibongkar, Ngene Jalarane

Satmiko Supraptono • Senin, 29 Juli 2024 | 16:00 WIB
SENGKETA LAHAN: Tritis omahe Megawati neng Pacitan kepeksa dibongkar. (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)
SENGKETA LAHAN: Tritis omahe Megawati neng Pacitan kepeksa dibongkar. (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Kisruh antar tangga sing pungkasane nutup akses dalan wis lumrah kadadean.

Neng Pacitan, ana sengketa lahan sing pungkasane kudu mbongkar omahe tanggane. Malah, isih dulure dhewe.  

Omahe pasangan suami istri, Dino-Susanti Megawati, warga Dusun Nongko, Desa Ketro, Kecamatan Kebonagung, kudu dikepras. 

Kawitane saka sengketa wates lemah antarane Parnen, bapake Megawati, karo Sarino, dulur lanange Parnen.

‘’Omah Susanti dianggep mlebu lahane Sarino,’’ kandhane Penjabat (Pj.) Kepala Desa Ketro Bejo Utomo Minggu (28/7).

Miturut Bejo, sejatini lamah loro kuwi wis duwe sertifikat hak milik wiwit taun 2010 kepungkur.

Nanging, omah sing didegake 15 taun kepungkur kuwi, tritise dianggep mlebu lahane Sarino sing ambane 30 sentimeter.

Pungkasane sing duwe omah banjur ngundang warga sakubenge kanggo mbongkar tritis omahe kuwi.

Bejo nambahi, yen sejatinya para perangkat desa kene uga wis teka lan nyoba nengahi sengketa lahan kulawarga iki.

Nanging, kisruh iki ora bisa dirampungake jalaran  mediasi sing dianakake kaloro belah pihak buntu.

‘’Banjur perangkat njaluk supaya ngundang BPN (Badan Pertanahan Nasional) kanggo ngukur meneh,’’ Bejo mungkasi katerangane. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pacitan #bpn #megawati #lahan #kisruh #sengketa