Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Didi Kempot sing Ngangkat Panggonan neng Madiun Raya (6): Saradan Kabupaten Madiun

Satmiko Supraptono • Selasa, 30 Juli 2024 | 00:00 WIB

SAKA WADUK: Bakul iwak ing pinggir dalan Madiun-Surabaya ing tengahe alas Saradan. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
SAKA WADUK: Bakul iwak ing pinggir dalan Madiun-Surabaya ing tengahe alas Saradan. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

JAWA POS RADAR MADIUN – Ora bisa diselaki yen jenate Didi Kempot minangka maestro tembang campursari ing Indonesia.      

Ora mung penyanyi, nanging uga pencipta atusan tembang Jawa sing nganti saiki isih akeh ditembangake masyarakat uga penyanyi liya.

Rata-rata tembange duwe tema patah hati, saengga oleh julukan “Godfather of Broken Heart” lan “Bapak Patah Hati Nasional”.

Ciri kas liya ing tembange Didi Kempot akeh sing ngangkat panggonan sing dadi ikone salah siji daerah.

Iki bisa diarani minangka bukti saka “Sewu Kutha” sing wis ditekani, salah siji tembange Didi Kempot sing paling hits. 

Klebu pirang-pirang panggonan ing Madiun Raya sing nginspirasi tembange. Salah sijine Saradan ing Kabupaten Madiun.

Saradan minangka salah siji kecamatan neng Kabupaten Madiun sing tlatahe luwih akeh arupa alas jati.

Kecamatan iki diliwati dalan nasional Madiun-Surabaya. Ing pinggir dalan iki neng tengah alas Saradan akeh bakul iwak banyu tawa.

Iwak-iwak kuwi dipanen saka Waduk Saradan sing uga ana ing pinggire dalan nasional iki lan Waduk Bening.  

Iki cakepan utawa lirik tembang Badher Saradan:

Tresnaku mbok gantung neng pinggir dalan,

Nasibku lontang-lantung ra karuan.

Kejel-kejel nyanthel kepanasan,

Nganti kaya iwak badher Saradan.

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Didi Kempot sing Ngangkat Panggonan neng Madiun Raya (2): Terminal Kertonegoro Ngawi

Omahmu mung adep-adepan lawang,

Mlaku sikil jane semenit wis tekan.

Bebasan gendhenge tunggal sak talang,

Kowe lunga tanpa pamit ra konangan.

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Didi Kempot sing Ngangkat Panggonan neng Madiun Raya (1): Pantai Klayar Pacitan

Lara atiku lara, Aku kelara-lara.

Ngempet rasa tresna kepingin crita,

Nanging karo sapa. 

Laro atiku lara, Aku kelara-lara. 

Kepingin nyawang sak kedheping netra,

Ngilang ra kandha.

Editor : Satmiko Supraptono
#campursari #saradan #tembang #didi kempot #jawa #madiun