Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Petani Nelangsa, Mangsa Panen Raya Rega Gabah neng Kota Madiun Anjlok, Ngene Katerangane DKPP

Erlita H • Selasa, 30 Juli 2024 | 15:00 WIB
ORA SEBANDHING: Salah siji petani ing Kelurahan Sogaten, Kota Madiun, arep panen. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)
ORA SEBANDHING: Salah siji petani ing Kelurahan Sogaten, Kota Madiun, arep panen. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Para petani ing Kota Madiun ora pati bungah ing mangsa panen pari iki.

Jalarane, rega  gabah kering panen (GKP) mudhun. Saka Rp 7.000 saiki dadi Rp 6.500 per kilogram.

Karmiati, salah siji petani ing Kelurahan Sogaten, Kecamatan Manguharjo, sing durung bisa sumringah.

Miturut Totok, rega GKP saiki pancen mudhun. Jalarane ing mangsa panen raya iki asile pancen mblunthah.

Sanajan mangkono pihake ngira-ngira sawise mangsa panen iki rega GKP bakal mundhak meneh.

Jalaran ing mangsa panen ketelu mengko wis mlebu mangsa ketiga, saengga rega GKP bakal mundhak.

‘Sejatine ya mesakake para petani sing wis nyambut gawe tenanan nanging asile ora sebandhing,’’ kandhane.

Bab kira-kira bakal ana beras impor sing bakal mlebu neng Kota Madiun, Totok durung bisa mesthekake.

Nanging, nalika dheweke melu rapat ing Surabaya pirang-pirang dina kepungkur rencana kuwi pancen muncul.

Saiki, pihake milih koordinasi lan nyurung Bulog supaya gelem nuku berase petani ing Kota Madiun iki.

‘’Saliyane kuwi, uga terus maksimalake bantuan distribusi pupuk subsidi lan panangangan irigasi pertanian,’’ Totok mungkasi katerangane. (mg1/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#GKP #DKPP #madiun #gabah kering panen #petani