SOLO, Jawa Pos Radar Madiun — Taman Balekambang Kota Solo diresmekake Wakil Presiden Ma’ruf Amin, Kemis (25/7).
Taman kota tinggalane Mangkunegoro VII iki banjur dibukak wengi wiwit jam 18.00 nganti 22.00, Jemuwah (26/7).
‘’Kuwi merga ana event,’’ kandhane Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Surakarta Aryo Widyandoko.
Sateruse, wisatawan sing pingin mlebu kudu liwat sistem reservasi. Nanging, sawetara mung bukak isuk nganti awan.
Kanggo pihak-pihak sing pingin nggelar event uga diarahe wayah bengi supaya luwih gampang dikendalekake.
Sistem reservasi iki dipilih jalaran kapasitas maksimal taman iki diwatesi mung 5.000 pengunjung.
Nanging sawetara diutamakake event dhisik, kanggo wisatawan umum bakal dikandhakake ing wektu liya.
Sawise diresmekake, ewon warga masyarakat nyerbu taman iki. Akibate akeh tanduran hias sing rusak kaidak-idak.
Bab kuwi, Wali Kota Surakarta Teguh Prakosa nanggepi kalem. Miturut dheweke, kuwi wis dadi resikone pemkot.
Mula pihake ngaku siap nampa kritikan saka masyarakat bab rusake tanduran hias sawise diresmekake.
‘’Halah, ora apa-apa! Sesuk yen wis dibukak ana sing ngidak ya ora salah. Bisa didandani meneh,’’ kandhane.
Dheweke nambahi, yen ana sing rusak jalaran digunakake luwih apik tinimbang rusak merga ora digunakake.
Teguh uga negesake yen rusak jalaran digunakake kuwi lumrah, mula ora perlu digedhek-gedhekake.
Sanajan mengkono, dheweke ngejak kabeh masyarakat supaya melu njaga kaendahane Taman Balekambang.
‘’Iki wis resiko. Arep dielek-elek apa diapik-apik kita tampa kabeh,’’ Teguh mungkasi katerangane. (ves/adi)
Editor : Satmiko Supraptono