KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Kagiatan car free night (CFN), Setu bengi (27/7), nyedhot antusiasme masyarakat.
Kira-kira ana wong 20 ewu sing tumplek blek neng sadawane Jalan Pahlawan Kota Madiun.
Pahlawan Street Center (PSC) lan Pahlawan Religi Center (PRC) dikebaki lautan manungsa.
Penjabat (Pj) Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto sumringah jalaran akeh wong sing teka ing Kota Pendekar.
Dampake dhuwit sing muter ing kagiatan malem Minggu kuwi dikira-kira nganti Rp 1 milyar.
Kuwi saka limang jam wektu gelaran CFN, wiwit jam 16.00–21.00 lan kaetung saka pirang-pirang sumber.
Wiwit retribusi parkir, UMKM, dolanan bocah-bocah nganti restoran lan kulineran sing ana ing Jalan Pahlawan.
‘’Yen wong siji ngetokake dhuwit Rp 50 ewu wae, wis ana dhuwit Rp 1 milyar sing muter,’’ kandhane Eddy.
Sanajan mengkono Dheweke uga menehi evaluasi palaksanaan CFN sing wis suwe ora dianakake iki.
Utamane pedagang sing mbukak lapak ing tengah Jalan Pahlawan. Dheweke njaluk supaya diatur ing pinggir.
Eddy ngare-arep CFN bisa digelar meneh mangarep. Jalaran bisa mancing pertumbuhan ekonomi daerah.
‘’Yen bisa kayadene neng Malioboro, Yogyakarta. Pedagang ditata lan dijaga kebersihan lingkungane,’’ Eddy mungkasi katerangane. (mg1/her)
Editor : Satmiko Supraptono