Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Agustusan Taun Iki Kabupaten Wonogiri Bakal Sepi Perayaan, Ngene Katerangane Bupati Joko Sutopo

Satmiko Supraptono • Rabu, 31 Juli 2024 | 23:00 WIB
ILUSTRASI: Dangdutan ing Alun-Alun Giri Krida Bakti Wonogiri nalika Festival Agustus Merdeka 2023. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
ILUSTRASI: Dangdutan ing Alun-Alun Giri Krida Bakti Wonogiri nalika Festival Agustus Merdeka 2023. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

WONOGIRI, Jawa Pos Radar Madiun – HUT ka-79 Kemerdekaan RI ing Kabupaten Wonogiri bakal dirayakake kanthi prasaja.

Saengga swasana agustusan taun iki dipesthekake bakal ora regeng kaya perayaan taun 2023 kepungkur.

Miturut Bupati Wonogiri Joko Sutopo, bab iki wis dirembug karo dinas teknis lan para camat durung suwe iki.

Kahanan Kabupaten Wonogiri umume dadi bahan sing ditimbang kanggo mutusake perayaan agustusan iki.

Contone, dampak anomali cuaca kang ndadekake  akeh sawah sing puso utawa gagal panen nganti inflasi sing dhuwur.

‘’Mula kita fokusake agustusan dirayakake seremoni upacara wae,’’ kandhane Joko Sutopo durung suwe iki.

Dheweke uga mesthekake, pawai budaya agustusan ing saben kecamatan ora digelar ing taun iki.

Jalaran, masyarakat bakal ngetokake ragat akeh kanggo nganakake  lan melu partisipasi ing kagiatan iki.

Kamangka kondisi ekonomi masyarakat lagi ora stabil jalaran lahan pertanian akeh sing ora ngasilake.

‘’Tanpa nyuda makna lan esensi HUT ka-79 RI, acara pawai lan pentas seni budaya, ora dianakake dhisik,’’ jarene.

Saengga perayaan taun iki ora regeng kaya taun wingi sing digelar Festival Agustus Merdeka 2023.

Wektu kuwi ana pirang-pirang kagiatan wiwit pasar kuliner nganti pentas hiburan musik dangdut.

Baca Juga: WARTA JAWA | Aja Nganti Kleru, Brem Madiun v Brem Wonogiri, Padha Jenenge nanging Beda Wujude

Bab lokasi upacara peringatan HUT ka-79 RI taun iki, sambunge, isih arep dikoordinasekake dhisik.

Ana opsi ing Stadion Pringgodani, Alun-alun Giri Krida Bakti nganti ing pinggir Waduk Gajah Mungkur (WGM).

‘’Mengko koordinasi karo TNI-Polri, asil inventarisasi ngendi sing arep digunakake,’’ bupati mungkasi katerangane. (al/wa)

Editor : Satmiko Supraptono
#kemerdekaan ri #agustusan #bupati #wonogiri #madiun