KARANGANYAR, Jawa Pos Radar Madiun – Sasi Agustus kari ngetung dina, nanging regenge wis wiwit krasa.
Neng Desa Segorogunung, Kecamatan Ngargoyoso, Kabupaten Karanganyar, Jaw Tengah, contone.
Ewon warga kono ngebaki area kebun teh ing tlatah desa iki Minggu (28/7) wingi kanggo mapag agustusan.
Warga rame-rame masang bendera merah putih ing kebon teh kanggo mapag HUT Ka-79 Kamardikan RI.
Miturut Kepala Desa Segorogunung Tri Harjono, pamasangan gendera iki minangka salah siji wujud sukur.
Uga ngelingake masyarakat Desa Segorogunung marang perjuangane para pahlawan nglawan penjajah.
Gerakan pamasangan 1.000 bendera merah putih ing kebon teh iki uga kanggo ningkatake rasa nasionalisme.
‘’Sing paling penting, wujud rasa sukur merga kamardikan Indonesia,’’ kandhane Tri Harjono.
Dheweke nambahi, gendera sing dipasang ukurane 1x1,5 meter. Lokasi pamasangan cedhak wahana paralayang Segorogunung.
Pihake uga ngare-arep kagiatan iki bisa ndhongkrak kunjungan wisata ing kawasan kebun teh kene.
Gendera iki bakal dipasang suwene sewulan nganti akir Agustus mengko minangka daya tarik wisatawan.
Kawasan ini, sembunge Kades, bakal dikelola kanggo ningkatake kesejahteraan masyarakat desane.
Bab tarip mlebu kebon teh iki sing dipasangi gendera, Tri Harjono nyebutake yen pengunjung cukup mbayar parkir wae.
Desa Segorogunung sing ana ing perengane Gunung Lawu iki wis kondhang merga duwe kebon teh sing amba banget.
Saliyane kuwi uga akeh panggonan wisata sing bisa ditekani kang nyuguahake pamandangan endah.
Hawane uga lumayan adhem sing bisa dadi panggongan ngaso kang nentramake pikir saka aktivitas saben dina. (rud/adi)
Editor : Satmiko Supraptono