Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Rega Sayur Mayur Ajur Mumur, Petani Hortikultura neng Magetan Padha Sambat, Apa Jalarane?

Aprilita Sari • Senin, 5 Agustus 2024 | 15:00 WIB
ORA DIREGANI: Rega tomat neng tlatah Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, ajur mumur. (DOKPRI/KRISHNA IZI)
ORA DIREGANI: Rega tomat neng tlatah Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, ajur mumur. (DOKPRI/KRISHNA IZI)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Para petani komoditas hortikultura neng Kabupaten Magetan sambat.

Jalaran ing mangsa panen raya sayur mayur iki, meh kabeh regane ajur. Saengga dipesthekake bathine ora akeh.

Perengan Gunung Lawu ing tlatah Kabupaten Magetan wis kondhang minangka sentra pertanian hortikultura. 

‘’Umume petani padha sambat,’’ kandhane Suhartini, petani ing Lingkungan Singolangu, Sarangan, Plaosan, wingi (4/8). 

Miturut dheweke, mudhune rega beda-beda antarane siji jinis lan jinis liyane. Nanging, umume meh kabeh mudhun.

Tomat saka Rp 20.000 dadi Rp 2.000 per kilogram. Brokoli saka Rp 15.000  dadi Rp 9.000 per kilogram.

Lombok abang kriting saka Rp 38.000 per kilogram saiki dadi Rp 22.000. Loncang (daun bawang) saka Rp 25.000 dan Rp 15.000,

Kacang panjang sing sadurunge Rp 8.000 dadi Rp 3.000. Sawi ijo saka Rp 3.000 dadi Rp 1.000.

Mudhune rega iki jalaran orang mung ing Kabupaten Magetan sing panen raya, nanging uga daerah liyane.

Sing ora mudhun mung lombok belis (cabai rawit), malah klebu isih dhuwur yakuwi Rp 60.000 per kilogram.

Sawetara Jumari, pedagang sayur ing Pasar Agrobis Plaosan uga kandha yen saiki petani lagi nelangsa.

Jalaran, sanajan asil panene apik nanging stok sayur mayur turah mblunthah merga mlebu mangsa panen raya.

Saliyane kuwi, wektu iki konsumsi masyarakat cenderung mudhun jalaran sepi acara hajatan merga sasi Sura.

‘’Rega sayur godhong-godhongan kaya kubis lan sawi kayadene ora ana regane,’’ Jumari mungkasi katerangane. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#magetan #sarangan #hortikultura #plaosan #petani #gunung lawu