Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Nginguk Monumen Pers Nasional Kota Solo sing Biyen Mung kanggo Panggonan Kumpul, Piye Sejarahe?

Satmiko Supraptono • Kamis, 8 Agustus 2024 | 00:00 WIB
SAKA MANGKUNAGARA: Monumen Pers Nasional ing Kota Surakarta, Jawa Tengah. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
SAKA MANGKUNAGARA: Monumen Pers Nasional ing Kota Surakarta, Jawa Tengah. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Monumen Pers Nasional, Solo, Jawa Tengah, minangka seksi thukul lan ngembange pers Indonesia.

Wiwit koran, piranti, teknologi, nganti foto-foto para tokoh sing duwe pengaruh ing donya pers Tanah Air kasimpen ana ing kene.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, jebule kaya ngene iki sejarah awal mulane gedhung iki.

Biyen gedhung sing banjur karan Monumen Pers Nasional iki didegake minangka panggonan kumpul. Jenenge Societeit Sasana Soeka.

Ngadege gedhung iki ora ucul saka dhawuhe (prentahe) Mangkunagara VII, pamengku Kraton Mangkunegaran, Surakarta, wektu kuwi.

Sing dipercaya ngrancang gedhung iki arsitek saka Wonosobo, Jawa Tengah, sing jenenge Mas Aboekasan Atmodirono.

Hawa pers wiwit saya kuat ing taun 1933. Nalika kuwi Sarsito Mangunkusumo lan para insinyur nglumpuk neng kene.

Klumpukan iki minangka cikal bakal laire radio publik kasiji sing dilakokake pribumi Indonesia yakuwi Solosche Radio Vereeniging.

Puncake aktivitas pers ing gedhung iki nalika 9 Februari 1946. Iki tanggal deklarasi kebentuke Persatuan Wartawan Indonesia (PWI).

Sanajan mengkono, gedhung iki nate ngalih fungsi. Wiwit dadi klinik tentara nganti kantor Palang Merah Indonesia (PMI).

Pungkasane, sesambungan antarane pers lan gedhung iki ditegsake ing taun 1973 kanthi jeneng Monumen Pers Nasional.

Lahan lan bangunan Monumen Pers Nasional iki banjur disumbangake marang pemerintah RI ing taun 1977.

Sanajan wis disumbangake nanging Monumen Pers Nasional lagi diresmekake Presiden Soeharto ing 9 Februari 1978. 

Monumen Pers Nasional iki alamate ing Jalan Gajahmada 59, Timuran, Kecamatan Banjarsari, Kota Surakarta, Jawa Tengah.

Monumen Pers Nasional iki wujude museum kusus pers sing bisa ditekani sapa wae saben dina wayah jam kerja. (rei)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #jawa tengah #monumen pers nasional #mangkunegaran #madiun #museum