KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Kreativitas warga Desa Sidorejo, Kecamatan Wungu, Kabupaten Madiun, iki patut ditiru.
Kanggo ngregengake HUT ke-79 Kemerdekaan RI, warga masang ewon lampion ing sadawane pinggir dalan desa lan dusun.
Ewon lampion kuwi kabe asil karyane masyarakat desa kene manpaatake galon air mineral sing wis ora kanggo.
Miturut Sekretaris Desa Sidorejo Iyanto, iki uga wujud kapreduliane masyarakat manpaatake sampah plastik.
‘’Manpaatake galon lan botol bekas air mineral kanggo nyuda sampah plastik,’’ kandhane Iyanto wingi (6/8).
Maneka warna wujude. Wiwit woh-wohan, kembang, uga maneka karakter kartun sing diwenehi lampu lan dicet warna-warni.
Sanajan prasaja, lampion karyane warga iki katon endah apameneh yen wayah bengi nalika lampu-lampu diurupake.
Saora-orane ana 40 RT ing desa iki sing masang lampion. Saengga totale kira-kira ana 10.000 lampion.
Ewon lampion iki dipasang wiwit 1 Agustus. Warga uga lila nglembur nggarap lampion iki nganti tengah wengi.
Dheweke nambahi ragat kanggo nganakake kagiatan iki murni saka dana swadaya masyarakat ing saben RT.
Guna nyurung semangat lan wujud apresiasi, ewon lampion karyane warga kuwi uga dilombakake.
Panitia kagiatan agustusan desa kene wis nyiapake hadiah kanggo lampion sing paling apik.
Rencananya, ora mung sasuwene sasi Agustus iki, ewon lampion uga kuwi bakal dipasang sateruse.
‘’Mengko bakal kita pilih RT sing paling apik lan kita wenehi apresiasi hadiah,’’ Iyanto mungkasi katerangane. (ryu/aan)
Editor : Satmiko Supraptono