SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Masyarakat Kota Solo, Jawa Tengah, wis gila bola (kedanan bal-balan) wiwit jaman Belanda biyen.
Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, katerangan iki bisa dadi minangka crita sejarahe.
Ana Lapangan Pamedan ing Pura Mangkunegaran sing disebut wis kanggo panggonan pertandingan sepak bola ing taun 1920-an.
Lapangan iki dadi salah siji titik pribumi, Tionghoa lan Belanda main bal-balan sadurunge Stadion Sriwedari ngadeg ing 1933.
Malah ing taun 1925, ngadeg klub loro saliyane VVB (saiki Persis) ing Kota Solo. Yakuwi, IVB (pribumi) lan SVB (Tionghoa lan Belanda).
VVB lan SVB biasane tanding ing alun-alun kidul, sawetara IVB maine ing lapangan Mangkunegaran (Pamedan).
Pirang-pirang tim saka luar daerah, wiwit Semarang, Surabaya, nganti Jakarta, nate tanding ing Lapangan Pamedan.
Saben ana pertandingan dijaga Legiun Mangkunegaran, yakuwi angkatan bersenjatane Kadipaten Mangkunegaran.
‘’Meh saben sore ana pertandingan bal-balan ing Lapangan Pamedan,’’ kandhane Hong Widodo, legenda Persis Solo (1960-1970).
Miturut dheweke, sanajan lapangan ing Mangkunegaran kuwi ora ana sukete nanging yen ana pertandingan sing nonton mesthi akeh.
Penontone padha lungguh ing pinggir lapangan. Saengga bal-balan bias diarani dadi panglipur warga Solo ing wayah sore.
Frans Setiabudi, legenda Persis Solo saangkatane Hong, nambahi yen lapangan iki isih arupa lemah lan ora bisa ditanduri.
Sanajan mengkono, ing jaman kuwi, lapangan iki dadi jujugan utama para pemain potensial kanggo latihan.
Nalika isih neng tim TNH (Tunas Nusa Harapan) sing sabagean pemaine Tionghoa, seminggu pindho dheweke main neng kene.
Saliyane Pamedan, uga ana lapangan liyane neng Solo. Kaya Kartopuran, Cengklik (saiki Stadion Mini Surakarta) lan Sriwaru.
Sawise Pamedan ora bisa digunakake meneh, TNH pindah menyang lapangan ing wetane (saiki) Solo Square sing uga wis ora ana.
Lapangan Pamedan wiwit ilang kira-kira ing tengah dekade 1970-an. Nalika dheweke pensiun saka Persis (1977) lapangan iki wis sepi.
Lapangan iki ora digunakake meneh kanggo aktivitas olahraga jalaran dibangun Hotel Mangkunegaran.
Nanging hotele uga bubar lan dadi lahan mangkrak nganti akire saiki digunakake dadi panggonan parkir.
Uga panggonan sing biasa digunakake masyarakat umum kanggo nggelar acara kesenian lan kabudayan. (nik/rei)
Editor : Satmiko Supraptono