SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Tradisi lan budaya Jawa sansaya ngembang sawise Islam mlebu lan katampa ing masyarakat Jawa.
Apameneh sawise para pamengku tanah Jawa uga ngenut agama Islam nanging tanpa ninggalake tradisi lan budaya Jawa.
Contone Sultan Agung nalika mengkoni Keraton Mataram sing bisa nyawijekake ajaran Islam lan tradisi budaya Jawa.
Salah siji kolaborasi ajaran Islam lan tradisi budaya Jawa gagasane Sultan Agung yakuwi Garebeg Mulud utawa Sekaten.
Ing mangsa pamerintahane Sultan Agung, Sekaten digelar saben taun suwene seminggu wiwit tanggal 5 nganti 12 Rabiulawal (Mulud).
Sasuwene pitung dina pitung bengi kuwi, gamelan Sekaten duweke keraton mainake gendhing pusaka loro.
Yakuwi, Gendhing Rambu lan Rangkung. Gendhing pusaka iki minangka pambuka tabuhan Sekaten.
Gendhing Ladrang Barangmiring uga dadi bagean penting Sekaten sadurunge gendhing Pathet Barang dimainake.
Nganti jaman Keraton Kartasura lan Keraton Surakarta (Solo), tradisi sekatenan tetap urip. Malah nganti tekan saiki.
Gamelan Sekaten sing luwih gedhe wiwit dikenalake Keraton Solo ing mangsa pamerintahan Pakubuwana IV (1788-1820).
Gamelan gedhe iki dikenal karan Kangjeng Kiai Nagajenggot lan Kangjeng Kiai Gunturmadu.
Sawise pitung dina pitung bengi parayaan, tradisi budaya Sekaten ditutup kanthi prosesi ngarak gunungan.
Nalika pamerintahan Sultan Agung ing Keraton Mataram, prosesi ngarak gunungan dianakake kanthi tata aturan.
Yakuwi, saben gunungan kang nyulih utawa makili unsur linga utawa meru duwe cacah 24 jodhang.
Gunungan lanang lan wadon diarak lan ditutake prosesi sing saemper karo sambungane sepur (kereta api).
Yakuwi barisan para abdi dalem panewu-mantri lan Bupati Pangrehpraja sing mlaku ing sakubenge gunungan mburi dhewe.
Garebeg Mulud utawa Sekaten ora mung perayaan, nanging uga warisan budaya lan spiritual sing isih lestari nganti saiki. (mg5/nda)
Editor : Satmiko Supraptono