PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Hari jadi ke-528 Kabupaten Ponorogo tiba ing tanggal 11 Agustus 2024 wingi.
Nanging reroncen perayaan ambal warsa Bumi Reog, julukane Kabupaten Ponorogo, isih durung rampung.
Jalaran isih ana pirang-pirang hiburan lan tontotan kanggo masyarakat sing wis disiapake Pemkab Ponorogo.
Yakuwi pertunjukan reog obyok, ekspo UMKM, boxing, nganti parade 21 kecamatan sing bakal digelar 23-31 Agustus.
Saengga puncake hari jadi ke-528 Kabupaten Ponorogo sing duwe tajuk Serenade Langit Tembaga ing akir wulan iki.
Dinas Kebudayaan, Pariwisata, Pemuda dan Olahraga (Disbudparpora) Ponorogo musatake puncak peringatan neng alun-alun.
‘’Merga awal wulan ana Grebeg Suro lan ing tengah HUT RI,’’ kandhane Kepala Disbudparpora Ponorogo Judha Slamet Sarwo Edi.
Judha uga mesthekake yen ing puncak peringatan hari jadi mengko bakal digelar luwih regeng lan rame.
Ing parade Serenade Langit Tembaga mengko ana karnaval 21 kecamatan sing nggawa lemah saka tlatahe dhewe-dhewe.
Lemah saka 21 kecamatan kuwi banjur diklumpukake dadi siji kanggo nandur wit kalpataru ing alun-alun Ponorogo.
Rute parade utawa karnaval, start saka eks Pasar Lanang, Jalan HOS Cokroaminoto, Jendral Sudirman lan finish ing alun-alun.
Miturut dheweke, ing jaman biyen parade iki wis nate ana. Nanging mandheg lan taun iki digelar meneh.
Judha nambahi, reroncen puncak peringatan hari jadi iki kanggo ngakomodasi seniman sing wurung tampil ing Grebeg Suro.
Pemkab Ponorogo sengaja menehi panggonan kanggo para seniman lokal gentenen ing pirang-pirang event sing digelar.
‘’Muga-muga maneka event ing Kabupaten Ponorogo ana terus, dadi para seniman bisa tampil,’’ pangarep-arepe. (gen/kid)
Editor : Satmiko Supraptono