Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuwalitase Apik Regane Malah Mudhun, Panen Tembakau neng Kabupaten Magetan

Aprilita Sari • Senin, 26 Agustus 2024 | 20:00 WIB
ANA PANGGAWEAN: Petani ing Desa Getasanyar, Kecamatan Sidorejo, Kabupaten Magetan, panen mbako. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
ANA PANGGAWEAN: Petani ing Desa Getasanyar, Kecamatan Sidorejo, Kabupaten Magetan, panen mbako. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun - Para petani mbako (tembakau) ing Desa Getasanyar, Kecamatan Sidorejo, Kabupaten Magetan, panen.

Ing mangsa panen iki kualitase apik. Ora ana udan nalika mangsa tuwuh saengga tanduran mbako bisa ngresep rabuk.

‘’Nanging regane rada mudhun,’’ kandhane Ketua Asosiasi Petani Tembakau Indonesia (APTI) Magetan Siswanto wingi (25/8).

Rega teles saka petani Rp 4.000 - Rp 5.500 per kilogram. Mbako teles langsung didol menyang Temanggung lan Tulungagung.

Uga ana sing ngedol rajangan sing regane luwih dhuwur. Saliyane kuwi uga ana sing sistem kemitraan karo pabrik.

‘’Saiki wis dipanen 40-60 persen. Biasane, ing akir Agustus kari 40 persen sing durung dipanen,’’ sambunge.

Panen mbako kudu rampung akir September utawa sadurunge mlebu mangsa rendheng  sing biasane wiwit sasi Oktober.

Kusus petani kemitraan, sing dipanen wis godhong tengah. Tegese wis dipethik kaping telu nganti kaping papat.

Saben pethikan ngasilake grade lan kualitas rasa sing beda-beda. Pihake ngarep-arep sadurunge rendheng wis rampung panene.

Sawetara mangsa panen mbako dadi berkah tumrape warga sekubenge kebob-kebon mbako.

Jalaran para warga iki dadi duwe panggawean tambahan, yakuwi nalenoi godong mbako neng sawah sadurunge didol.

‘’Alhamdulillah ana gawean, lumayan bisa kanggo tambahan blanja,’’ jarene Marsi, salah siji warga kene.

Editor : Satmiko Supraptono
#tembakau #Sidorejo #magetan #kabupaten #panen #petani