Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Gratis! Nikmati Kaendahan Air Mancur Laser Njoget neng Taman Gajah Alun-Alun Kabupaten Karangayar

Satmiko Supraptono • Selasa, 27 Agustus 2024 | 00:00 WIB
ENDAH: Air mancur Taman Gajah Alun-Alun Kabupaten Karangayar. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
ENDAH: Air mancur Taman Gajah Alun-Alun Kabupaten Karangayar. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

KARANGANYAR, Jawa Pos Radar Madiun Destinasi wisata Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah, ora mung Gunung Lawu.  

Ing tengah kuthane uga ana objek wisata sing bisa kanggo refreshing tipis-tipis karo kulawarga, kanca-kanca utawa pasangan.  

Yakuwi kaanane taman air mancur laser sing ana neng area Taman Gajah Alun-alun Kabupaten Karanganyar.

Air mancur iki ora mung nyuguhake banyu njoget sing bisa diatur tempone, nanging uga dikombinasekake teknologi laser.

Saengga wektu sing paling pas kanggo nikmati kaendahane air mancur laser iki wis mesthi ing wayah bengi.  

Kelap-kelip lampu laser dipadokake musik Jawa, kayadene ngiringi banyu kang njoget melu irama lan tempo musike.

Kaanane taman air mancur sing nganggo teknologi laser iki diklem dadi sing kasiji ing Provinsi Jawa Tengah.

Mula air mancur sing bisa muncrat nganti pitung meter iki ndadekake Masyarakat Karanganyar kabombong.

Air mancur laser iki sengaja dibangun minangka daya tarik wisata ing wayah bengi ing Kabupaten Karanganyar.

Ora nggumunake yen panggonan iki rame ditekani warga lokal lan wisatawan saka njabane Karanganyar.

Taman Air Mancur Karanganyar iki uga didadekake papan hiburan lan rekreasi masyarakat kene lan warga njaba daerah.

Ing sakubenge taman air mancur iki arupa taman bunga kang endah lan akeh wiwt-witan sing ngrembuyung.

Saliyane kuwi uga disedyakake pirang-pirang wahana ing taman iki sing bisa digunakakake bocah-bocah nganti wong tuwa.

Ora mung kuwi, ing sakubenge taman air mancur iki uga akeh bakul panganan lan omben utawa kulineran.

Wiwit panganan sing entheng-enthengan nganti sing abot ana. Regane uga merakyat lan ora bakal nguras dompet.

Apameneh kanggo nikmati Taman Air Mancur Karanganyar iki, pengunjung ora perlu mbayar tiket masuk.

Wis sak lumrahe, pengunjung sing nggawa kendaraan mung ditarik retribusi parkir pinggir dalan. (dam)

Editor : Satmiko Supraptono
#jawa tengah #karanganyar #laser #kabupaten #madiun #air mancur #gunung lawu #alun-alun