SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Wali Kota Solo Teguh Prakosa gumun jalaran gajah Sumatera loro neng Solo Safari mati.
Dheweke njaluk pengelola perusahaan daerah Taman Satwa Taru Jurug (TSTJ) ngevaluasi lan nginventarisasi kabeh kewan koleksine.
Jalarane kasus gajah Sumatera cacah loro neng Solo Safari sing mati ndadak ing rong wulan keri iki dibiji aneh.
Dheweke gumun kok bisa nganti ana satwa mati ing lokasi iki sing wektune ora adoh, yakuwi Juli lan Agustus 2024.
Miturut Teguh Prakosa, pihake wis rembugan karo Sekda Solo Budi Martono babagan perkara iki.
Apameneh nganti saiki TSTJ minangka joint operation Solo Safari uga durung nglapurake menyang Pemkot Solo.
‘’Wis rembugan karo Sekda. Aku uga isih ngenteni lapuran (saka pihak TSTJ, Red),’’ kandhane Teguh, Setu (24/8).
Miturut Teguh, aneh yen ana gajah loro sing mati. Apemeneh Solo Safari orang mun kebun binatang nanging uga konservasi.
Ing konservasi, sambunge, mesthine akeh kewan langka uga dilindungi. Mula kuwi dihewek njaluk ana lapuran saka pihak TSTJ.
Teguh pingin entuk lapuran saka TSTJ dhisik. Sawise kuwi lagi saka pihak ketiga Solo Safari sing kudu menehi katerangan.
Teguh uga njaluk pihak TSTJ ngiventarisasi kabeh satwa sing ana ing Solo Safari. Jalaran ana satwa TSTJ sing dititipake neng Solo Safari.
Kudu diinvetarisasi kabeh satwa ing Solo Safari duweke sapa wae. Jalaran Pemkot Solo uga duwe satwa neng Solo Safari.
Klebu gajah loro sing mati kuwi duweke Solo Safari apa duweke Pemkot Solo (TSTJ) sing dititipake.
Teguh uga njaluk supaya TSTJ lan Solo Safari menehi katerangan marang media bab kadadean iki.
‘’Supaya masyarakat gamblang, apa sing salah ing pengelolaan Taman Safari Indonesia (pihak ketiga) iki,’’ Teguh mungkasi katerangane. (atn/ria)
Editor : Satmiko Supraptono