Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Fakta Penting Gamelan Sekaten Solo Minangka Sarana kanggo Nyebarake Agama Islam, Ngene Sejarahe!

Satmiko Supraptono • Jumat, 30 Agustus 2024 | 00:00 WIB
WAJIB ANA: Para pangrawit mainake Gamelan Sekaten ing Keraton Kasunanan Surakarta (Solo), Jawa Tengah. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
WAJIB ANA: Para pangrawit mainake Gamelan Sekaten ing Keraton Kasunanan Surakarta (Solo), Jawa Tengah. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun - Gamelan minangka salah siji warisan budaya Indonesia wis ana wiwit taun 326 Saka utawa 404 Masehi.

Kapetik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ngene sejarah cekake piranti musik tramusikdisional iki. 

Aran gamelan asale saka tembung “gamel” sing tegese ing basa Jawa saben dinane: nuthuk utawa nabuh.

Dadi, gamelan duweni arti saperangkat piranti musik sing dimainake kanthi cara dithuthuk lan ditabuh.

Ing masyarakat Jawa, gamelan lumrahe dikenal kanggo ngiringi pagelaran wayang lan pertunjukan seni tari.

Jebule nalika Islam mlebu tanah Jawa, gamelan uga digunakake sarana nyebarake agama. Salah sijine Gamelan Sekaten.

Sawetara Sekaten yakuwi parayaan pitung dina pitung bengi kanggo mengeti dina laire Nabi Muhammad SAW.

Aran Sekaten asale saka tembung “syahadatain” sing artine loro kalimat syahadat, rukun Islam kang kasiji.

Wiwit kuwi, Gamelan Sekaten dadi salah siji pusaka kapraboning nata utawa simbul kaagungane raja.

Sultan Agung uga nggawe gamelan anyar sing dijenengi Kanjeng Kyai Guntur Sari ing taun 1566.

Nanging, peristiwa Perjanjian Giyanti ing 1755 nggawa pangaruh gedhe tumrap kaanane Gamelan Sekaten.

Perjanjian kuwi isine mbagi Kerajaan Mataram dadi Surakarta lan Yogyakarta. Saengga saben tlatah iki gamelane ora jangkep.

Keraton Surakarta entuk gamelan Kanjeng Kyai Guntur Sari lan Keraton Yogyakarta entuk gamelan Kanjeng Kyai Naga Wilaga.

Ing 1788-1820 nalika Keraton Surakarta diwengkoni Pakubuwana IV uga nggawe Gamelan Sekaten anyar.

Malah ukurane luwih gedhe lan luwih kandel saka gamelan Kanjeng Kyai Guntur Sari gawean ing jamane Sultan Agung.

Gamelan kasebut dijenengi Kanjeng Kyai Guntur Madu. Gamelan Sekaten anyar iki uga nuduhake konsistensine Pakubuwana IV.

Yakuwi ing babagan panyebaran Islam kanthi nggunakake Gamelan Sekaten sing wis ana wiwit jaman Kerajaan Demak. (mg4/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#musik #gamelan #solo #indonesia #sekaten #yogyakarta #sejarah #mataram #budaya #madiun #tradisional #islam #surakarta