Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kudu Weruh! Sekaten Solo, Tradisi Budaya lan Syiar Islam sing Wis Ana wiwit Jaman Sunan Kalijaga

Satmiko Supraptono • Sabtu, 31 Agustus 2024 | 00:00 WIB
HIBURAN RAKYAT: Pasar Malam Sekaten, ing Kota Solo, Jawa Tengah. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
HIBURAN RAKYAT: Pasar Malam Sekaten, ing Kota Solo, Jawa Tengah. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Wektu iki ing Keraton Solo lan Keraton Yogya lagi digelar tradisi budaya taunan Sekaten.     

Miturut pirang-pirang sumber sing diringkes laman Radar Solo, sejatine tradisi iki wis ana wiwit jaman Keraton Demak.

Banjur dilestarekake lan dikembangake ing Kasunanan Surakarta (Keraton Solo) lan Kasultanan Yogyakarta (Keraton Yogya).

Sekaten wujude keramenan pasar bengi sing dianakake Sunan Kalijaga (salah siji Wali Sanga) minangka sarana syiar Islam.

Asal usule jeneng Sekaten ana pirang-pirang versi. Ana sing nyambungake karo tembung loro kalimat syahadat utawa syahadatain.

Uga ana sing nganggep Sekaten saka jeneng gamelan duweke keraton sing dimainake saben maulid Nabi Muhammad SAW.

Ing jaman Kasultanan Demak, Sekaten digelar kanggo ngundang masyarakat supaya teka ing lapangan ngarep Masjid Demak.

Kanggo narik masyarakat supaya gelem teka ing lapangan iki, dianakake pesta rakyat utawa pasar malem (bengi).

Sawise masyarakat teka, Sunan Kalijaga banjur nindakake dakwah Islam, agama anyar kangggo sabagean masyarakat wektu kuwi.

Saengga, intine sekatenan yakuwi syiar Islam sing banjur dadi tradisi nganti saiki ing Keraton Solo lan Yogya.

Iki uga dadi buktine jatidiri yen Keraton Solo lan Yogya minangka panerus (pawaris) Kerajaan Mataram Islam.

Sawetara panggunaan gamelan ing tradisi Sekaten Keraton Solo minangka panandha utawa tetenger.

Yakuwi dimainake pusaka keraton arupa perangkat gamelan loro karan Kanjeng Kyai Guntur Sari lan Kyai Guntur Madu.

Nalika gamelan dimainake masyarakat padha teka lan nginang, disusul prosesi menggit bebarengan swara gong sing dianggep kaberkahan.

Mula saben Sekaten ing plataran Masjid Agung Solo akeh wong adol suruh. Lan gamelan dimainake ing pitung dina.

Persise sadurunge puncake Sekaten. Yakuwi kirab gunungan saka keraton tumuju Masjid Agung Solo.

Ing Solo, Sekaten dileksanakake sawulan wutuh. Saengga uga migunani kanggo ngangkat sektor pariwisata lan ekonomi.

Suwene sawulan kuwi kanggo mbarengi sasi Mulud (Maulud) kanggo mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW.

Sawetara puncake Sekaten yakuwi Grebeg Mulud arupa kirab gunungan saka keraton menyang Masjid Agung Solo.

Ana loro gunungan sing dikirab, yakuwi Gunungan Kakung (lanang) lan Gunungan Estri (wadon).

Loro gunungan kuwi minangka  simbul kasaimbangane urip. Gunungan Kakung isine sayuran lan Gunungan Estri isine jajan pasar. (nis/fer)

Editor : Satmiko Supraptono
#Keraton #solo #sekaten #tradisi #madiun #Yogya #sunan kalijaga #islam