MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Saliyane Telaga Sarangan, ing Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, uga ana tlaga liyane.
Yakuwi Telaga Wahyu sing luwih cilik saka Telaga Sarangan lan panggonane sangisore yen saka arah Magetan kutha.
Sanajan kalah pamor tinimbang Telaga Sarangan nanging tlaga sing uga karan Telaga Wurung iki duwe sejarah penting.
Iki kandhane Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Kabupaten Magetan Joko Trihono.
‘’Biyen tlatah kene minangka embrio sekolah TNI Angkatan Laut (AL) kasiji,’’ kandhane Joko wingi (30/8).
Wektu kuwi, ing tlatah Sarangan nate ana latian prajurit AL kanggo nglawan penjajah Belanda karan Special Operation.
Malah sekolah kuwi kasil nyithak perwira penting, ing antarane ana sing dadi kepala staf angkatan laut (KSAL).
Jaman biyen, para siswa sekolah AL sing kapilih digawa menyang Sarang Garuda Kompleks ing Sarangan.
Kacathet Letnan Kolonel Raden Bagus Nacis Djajadiningrat sing nyiapake panggonan pendidikan kuwi.
Tujuan Special Operation iki mbentuk perwira sing bisa ngendalekake speed boat kanggo nembus blokade Belanda,
Malah Laksamana Raden Eddy (RE) Martadinata nate dadi kepala sekolah Special Operation iki.
Murid-muride, ing antarane Lahsaman Yos Sudarso, Laksamana Pertama Urip Subyanto lan Laksamana Pertama Fritz Suak.
Saka sejarah iki, TNI AL bakal menehi hibah pesawat Nomad cacah loro sing bakal dipasang minangka monumen ing Telaga Wahyu.
Malah uga bakal ditambah kalengkapan liyane sing ana sesambungane karo sejarah TNI AL neng kene.
Diarep-arep kalengkapan miniatur wisata bahari neng Telaga Wahyu kuwi bisa kawujud ing akir tahun iki.
Iki uga minangka upaya mbranding wisata edukasi kusus. Saengga Telaga Wahyu luwih spesifik, privat, lan edukatif.
Sadurunge, Pemkab Magetan uga wis ngonsep kanggo nata tlatah Telaga Sarangan dadi Green Smart Tourism.
Nanging, kira-kira malah Telaga Wahyu dhisik sing kawujud. Jalaran isih orisinil lan alami saengga luwih gampang natane.
‘’Telaga Wahyu bisa dadi destinasi wisata pilihan saliyane Telaga Sarangan neng Magetan,’’ Joko mungkasi katerangane. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono