KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Sanajan diundur, parkir portal ing Ngrowo Bening Edupark Kota Madiun dadi rasan-rasan.
Kanggo kaweruh, lahan ing Kecamatan Taman iki duweke (aset) Perumdam (PDAM) Tirta Taman Sari Kota Madiun.
Nanging, kaanane uga wis kayadene dalan tembus (alternatif) kanggo warga sakubenge sing bisa nyuda jarak lan wektu.
Contone warga ing tlatah Jalan Salak samangetan. Yen arep menyang Lapangan Gulun utawa stadion lumrahe liwat kene.
‘’Aku yen ngeterake anakku sekolah (SMPN 4) liwat kene,’’ kandhane warga Jalan Salak Timur sing wegah ditulis jenenge.
Mula yen Ngrowo Bening Edupark diportal, dheweke bakal kudu mubeng rada adoh yen ngeterake lan mapag anake.
Ngrowo Bening Edupark iki minangka salah siji ruang terbuka hijau (RTH) sing amba ing Kota Madiun.
Uga wis dadi fasilitas publik sing kerep kanggo nganake maneka event nganti kemah saengga aran terbukane nyata anane.
‘’Yen diportal jenenge dadi ruang tertutup hijau,’’ Boy (dudu jeneng asli), salah siji mahasiwa ing Kota Madiun, nyemoni.
Kamangka, dheweke lan kanca-kancane kerep nggunakake gasebo ing Ngrowo Bening Edupark kanggo diskusi cilik-cilikan.
Sadurunge, Setu (31/8), PDAM Tirta Taman Sari resmi ngetrapake retribusi parkir elektronik ing Ngrowo Bening Edupark.
Iki mung kacek sedina sawise parkir portal diuji coba ing dina Jemuwah (30/8). Sanajan pengunjung ora kena tiket masuk.
Taripe retribusi parkir kanggo pit onthel (sepedha) Rp 1.000, pit montor Rp 2.000 lan mobil (kendaraan rodha papat) Rp 3.000.
Let rong ndina ora genep, ujug-ujug pihak PDAM Tirta Taman Sari, njabut pangoperasian parkir portal iki.
‘’Diundur nganti wektu sing durung ditemtokake,’’ kandhane Dirut PDAM Tirta Taman Sari Kota Madiun Suyoto wingi (2/9).
Suyoto kabotan nyebut alesane. Dheweke mung kandha ana pihak liya sing praktik parkir ilegal ing Ngrowo Bening Edupark.
Sejatine, miturut Suyoto, asil retribusi parkir kuwi bisa kanggo mbyantu upah petugas kebersihan cacah wolu.
Dheweke janji mangarep bakal nimbang-nimbang lan ngrembug meneh karo dewan pengawas PDAM. (ggi/mg1/sat)
Editor : Satmiko Supraptono