Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Gawe Resah! Grombolan Kethek Mudhun ing Permukiman Warga neng Kabupaten Magetan, Apa Jalarane?

Aprilita Sari • Kamis, 5 September 2024 | 20:00 WIB
NGRESAHAKE: Grombolan kethek ing permukiman warga Desa Sidomukti, Kecamatan Plaosan, Kabupaten  Magetan. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
NGRESAHAKE: Grombolan kethek ing permukiman warga Desa Sidomukti, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Warga Dusun Kalitengah, Desa Sidomukti, Kecamatan Plaosan, Kabupaten  Magetan, resah.

Jalarane wiwit pirang-pirang sasi kepungkur lingkungan permukiman kene malih dadi habitate kethek (kera).

Diduga iki dampak kebakaran hutan dan lahan (karhutla) ing tlatah Gunung Lawu taun 2023 kepungkur.

Uga anane alih fungsi lahan ing perengan Gunung Lawu sing dibukak kanggo panggonan wisata lan kulineran.

Warga nengeri kethek-kethek kuwi teka sawise karhutla lan banjur manggon lan ngembang biak neng kene.

‘’Akeh klambi neng pemean sawise diumbah ujug-ujug ilang digondhol  kethek,’’ kandhane Saimah, warga kene, wingi (4/9). 

Saliyane kuwi, gendhenge omah warga uga kerep dirusak grombolan kethek sing cacahe nganti welasan kuwi.

Malah saiki, akeh kethek sing wani nyedhak lan kerep ngetutake warga sing lagi mlaku utawa aktivitas saben dinane.

Biasane grombolan kethek kuwi kerep metu lan kadhang kala nyerang kira-kira jam papat sore lan jam sanga isuk.

Kepala Dusun Kalitengah Sukarni uga kandha yen grombolan kethek kuwi ana kira-kira wiwit nem wulan kepungkur.

‘’Biasane mung teka lunga. Wiwit kuwi malah manggon neng kene. Tekane saka kulon, persise saka ngendi ora weruh,’’ jarene. 

Grombolan kethek kuwi uga kerep njarah lan ngrusak tanduran. Kaya woh-wohan nganti brambang lan kacang tanah.

Sanajan ora jenjem, warga ora bisa ngapa-apa. Bisane mung nggusah kanthi mbandhemi  karo watu yen ana kethek teka.

Saliyane nggawe ora jenjem, kaanane kethek iki uga dianggep ngrugekake warga jalaran ngrusak tanduran lan omah.

Dheweke mung bisa ngarep-arep, ana tindakan saka pihak sing ana sesambungane karo satwa supaya warga bisa nyaman.

‘’Sing methi kita pingin kethek-kethek kuwi dipindhah menyang habitat asline,’’ pangarep-arepe Sukarni. (ril/sat) 

Editor : Satmiko Supraptono
#magetan #karhutla #kera #kabupaten #plaosan #gunung lawu