MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Jebule, mudhune grombolan kethek (kera) ekor panjang neng pirang-pirang panggonan.
Ora mung neng permukiman tlatah Desa Sidomukti, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, sing nggawe resahe warga.
Iki Katerangane Kepala Dinas Lingkungan Hidup dan Pangan (DLHP) Kabupaten Magetan Saif Muchlissun.
Miturut dheweke, kaanane kewan sing duwe jeneng latin Macaca Fascicuparis diduga merga habitat lan ekosistem asline rusak.
‘’Kethek-kethek kuwi mudhun neng permukiman mesthi merga golek panganan,’’ kandhane Saif wingi (5/9).
Pihake bakal koordinasi karo Balai Konservasi Sumber Daya Alam (BKSDA) Jawa Timur lan Perhutani kanggo nangani.
Saliyane kuwi uga bakal ngedukasi masyarakat cara ngadhepine. Wiwit jangka pendek, menenah nganti panjang.
Jangka pendeke, sambunge, kethek-kethek kuwi kudi dievakuasi supaya masyarakat nyaman lan ora dirugekake.
Sawetara pihak sing duwe kawenangan ngevakuasi yakuwi BKSDA. Dadi ora bisa sembarangan ngevakuasi.
Upaya liyane, mulihake habitat lan eskositem asli kewan iki. Apameneh ing mangsa ketiga panganan ing habitate entek.
Saif uga nambahi yen grombolan kethek uga kerep muncul ing permukiman warga sing cedhak karo alas ing Gunung Lawu.
Dadi ora mung ing permukiman warga Desa Sidomukti, Plaosan. Nanging uga neng tlatah Kecamatan Poncol lan Parang.
Sawetara Kepala Bidang Wilayah 1 BKSDA Madiun Agustinus Krisdijantoro ngonfimasi yen bakal ngecek ing lapangan.
Pihake uga bakal koordinasi karo Perhutani lan instansi sing ana sesambungane, utamane DLHP Kabupaten Magetan.
Dheweke janji ora suwe meneh bakal ngecek langsung ing lapangan kanggo dhasar njupuk tumindak sabanjure.
‘’Jalaran babagan ngene iki kita ora bisa njupuk tumindak dhewe. Perlu koordinasi karo pirang-pirang pihak,’’ jarene. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono