KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Perkara Dugaan ngedol satwa ilegal ing Madiun Umbul Square (MUS) Kabupaten Madiun cetha wela-wela.
Direktur MUS Afri Handoko ngaku ana satwa titipan Balai Konservasi Sumber Daya Alam (BKSDA) Jawa Timur cacah papat sing didol.
Satwa cacah papat kuwi kidang (rusa) tutul siji, anak antelop siji lan wedhus (kambing) praha loro.
Alesane, asile ngedol satwa sing ora klebu dilindungi kuwi kanggo ragat operasional ing lembaga konservasi iki.
Miturut Afri, wedhus praha sejatine sejatine ora didol nanging diijolake karo babon (indukan) satwa liyane cacah siji.
Tujuane, sambunge, supaya ana maneka satwa ing kebun binatang mini neng Desa Glonggong, Kecamatan Dolopo, iki.
Sawetara siji rusa tutul sing didol, Afri ngakoni pancen kaluputane pihak manajemen MUS sing kepepet ragat operasional.
Sanajan ora klebu kewan dilindungi, miturut regulasine, kudu ngajokake ijin menyang BKSDA Jawa Timur dhisik.
‘’Kita ora bisa nutupi. Iki pancen kalupaten manajemen. Uga wis kita kandhakake menyang BKSDA,’’ kandhane wingi (5/9).
Nanging Afri negasake yen dhuwit asile ngedol rusa tutul kuwi ora kanggo kapentingan pribadi nanging kanggo ngrumat satwa.
Kanggo kaweruh, MUS minangka objek wisata duweke Pemkab Madiun sing uga duwe fungsi kanggo lembaga konservasi.
Bab bantuan dana penyertaan modal saka Pemkab Madiun, miturut Afri, ana hibah Rp 5 milyar kanggo limang taun.
Nanging, miturut regulasine, dhuwit kuwi mung bisa kanggo mbangun lahan parkir lan gedung loket ngarep.
‘’Dana kuwi ora entuk kanggo operasional. Kanggo operasional, kita (manajemen) kudu ngupayakake dhewe,’’ Afri mungkasi katerangane. (ryu/aan)
Editor : Satmiko Supraptono