Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tradisi Mitoni Ibu Hamil Duwe Makna lan Filosofi Sing Jero Banget, Ngene Katerangane

Satmiko Supraptono • Rabu, 11 September 2024 | 23:00 WIB

LESTARI: Tradisi mitoni ibu kang ngandhut sing isih diugemi sabagean masyarakat Jawa. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
LESTARI: Tradisi mitoni ibu kang ngandhut sing isih diugemi sabagean masyarakat Jawa. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

JAWA POS RADAR WADIUN – Masyarakat Jawa dikenal sugih tradisi adat lan budaya ing panguripan sabendinane.

Salah siji sing isih diugemi lan lestari nganti saiki yakuwi tradisi adat mitoni tumrape ibu kang ngandhut (hamil). 

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ngene katerangan cekak bab mitoni iki.

Mitoni saka tembung pitu. Umume, tradisi iki dileksanakake nalika umure kandhutan ngancik pitung wulan.

Biasane, dileksanakake kanggo anak (kehamilan) kasiji. Tujuane, nyeyuwun kaslametan calon ibu lan bayine.

Uga ndedonga supaya  proses babarane gangsar lan bayi sing dilairake dadi pribadi kang luhur ing masa depan.

Ing upacara tradisi iki ana ubarampe arupa pirang-pirang jenang (bubur). Yakuwi jenang abang, putih, kuning, ireng, waras, lan sengkala.

Uga tumpeng sing jangkep lelawuhane, woh-wohan, kembang setaman, lan maneka jinis godhong-gedhongan.

Prosesi mitoni diwiwiti ritual siraman (tingkeban). Tujuane, kanggo ngetokake rereget saka awake ibu hamil uga ngresiki ati lan jiwa.

Siraman artine ngruwat sukerta utawa mbuwang bebendu. Banyune dijupuk saka pitung sumber sing beda.

Tujuane kanggo kaweruh supaya manungsa luwih nresnani lan ngrumat bumi, klebu njaga sumber air.

Uga ana prosesi salin klambi kaping pitu. Sabanjure, ngetokake kelapa muda gadhing cacah loro. Sabagean panggonan mung siji.

Klapa kuwi digambari wayang Kamajaya lan Kamaratih. Kalorone minangka sesulih lanang lan wadon.

Klapa gadhing nggambarake wong tuwa wis siap nampa wohe ati apa wae jinis kelamine, lanang utawa wadon.

Panutupe, dodol rujak crobo (serut) sing isine maneka woh-wohan dicampur bumbu sing rasane kecut, legi lan pedhes.

Calon ibu nggawa wadhah dhuwit asil dodolane. Dhuwite saka kreweng utawa pecahane gendheng utawa sing dicithak kusus.

Mula yen dideleng saka makna lan filosofine, tujuan tradisi iki luhur lan apik banget, saengga wajib dilestarekake. (mg8/rei)

Editor : Satmiko Supraptono
#filosofi #tradisi #ibu hamil #makna #budaya #jawa #madiun #mitoni