JAWA POS RADAR MADIUN – Tradisi adat mitoni ing masyarakat Jawa ora mung kanggo ibu kang ngandhut (hamil).
Nanging uga kanggo bayi sing wis dilairake. Prosesi iki ing sabagean tlatah diarani piton-piton utawa Tedhak Siten.
Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ngene katerangan cekak maknane Tedhak Siten iki.
Prosesi iki dadi reroncene tradisi wiwit laire bayi minangka wujud sukur merga kaslametan uga thukul lan ngembange bayi.
Tradisi iki biasane dianakake nalika umure bayi ngancik pitung sasi utawa sawise bayi wis bisa lungguh jejeg dhewe.
Tedhak Siten asale saka tembung tedhak sing artine mudhun lan siten (siti) sing tegese lemah.
Maknane, bayi miwiti mudhun menyang (ngidak) lemah. Sawise wiwit lair tansah digendhong.
Saora-orane ana lima prosesi sing duwe makna lan filosofi sosial ing tradisi Tedhak Siten iki.
- Ditetah ngidak jadah pitung warna
Bayi ditetah ngidak jadah pitung warna. Iki minangka lambang thukule fisik lan psikologis bayi ing umur pitung sasi.
Lumrahe bayi wis bisa lungguh jejeg lan ajar mlaku nanging isih butuh dibyantu wong dewasa utawa wong tuwane.
Prosesi iki uga nglambangake urut-urutan ngembange spiritual lan intelektual bayi supaya dadi manungsa kang migunani.
Pitung warna sing digunakake nglambangake makna wani, suci, bagya, tenang, sedhih, lila (iklas) lan kuwat.
- Menek andha saka tebu wulung
Bayi dipenekake andha saka tebu wulung sing duwe anak andha cacah pitu dibyantu karo wong tuwane.
Iki nglambangake yen bayi bakal ngadhepi lelakon urip dina mbaka dina kanggo tumuju puncake.
Uga nggambarake ing lelakone urip bayi utawa anak butuh dhukungan kulawarga, utamane wong tuwane.
- Mlebu kurungan pitik lan milih barang
Bayi dilebokake kurungan pitik lan bisa milih barang apa wae sing wis dicawisake ing njero kurungan pitik kuwi.
Kurungan pitik nggambarake urip kang nyata lan milih barang duweni makna kayakinan wong tuwa marang pilihane anak.
- Sawur dhuwit recehan campur beras kuning
Maknane pangarep-arepe wong tuwane supaya anake bisa dadi wong kang loma utawa seneng sedekah.
Sawetara beras kuning artine supaya anake tansah urip kacukupan, makmur lan sregep nyambut gawe.
- Adus banyu kembang lan nganggo klambi anyar
Maknane pangarep-arep supaya anak bisa njaga jenenge tansah wangi. Klambi anyar nggambarake jeneng kulawargane.
Uga supaya ora gampang minder lan wong tuwa percaya anake bisa njaga jeneng tansah wangi. (mg8/nda)
Editor : Satmiko Supraptono