Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Waduk Gonggang Magetan Banyune Suda Drastis, Mung Bisa Ngileni Irigasi 120 Hektar Lahan Pertanian

Aprilita Sari • Sabtu, 14 September 2024 | 17:00 WIB
SUSUT: Waduk Gonggang ing Kecamatan Poncol, Kabupaten Magetan. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
SUSUT: Waduk Gonggang ing Kecamatan Poncol, Kabupaten Magetan. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Banyu ing Waduk Gonggang, Kecamatan Poncol, Kabupaten Magetan, suda drastis.

Dampake, ilene banyu irigasi kanggo ewon hektar lahan pertanian ing telung tlatah kecamatan ora bisa dicukupi.

Sadurunge, ing masa tanam (MT)-1 lan MT-2, waduk iki bisa ngileni lahan pertanian sing ambane 1.392 hektar.

Ewon hektar lahan pertanian kuwi kasebar ing tlatah Kecamatan Poncol, Kecamatan Parang lan Kecamatan Lembeyan.

Nanging ing MT-3 utawa mangsa ketiga iki, mung bisa ngileni lahan pertanian 120 hektar ing Kecamatan Poncol.

Iki katerangane Anis Hidayat, petugas Operasi dan Pemeliharaan SDA III Balai Besar Wilayah Sungai (BBWS) Bengawan Solo.

Miturut dheweke, rencanane pintu air bendungan iki bakal ditutup sasi ngarep (Oktober) utawa sarampunge MT-3. 

Per September iki, banyu Waduk Gonggang kari kira-kira 600.000 meter kibik utawa 40 persen saka total tampungan 1.500.000 meter kibik.

Sawetara wates panutupan pintu air mengko yen volume utawa isi banyune waduk iki kira-kira kari 200.000 meter kibik.

Saliyane isih bisa ngileni lahan pertanian ing Kecamatan Poncol, nganti saiki uga isih nyuplai air baku kanggo PDAM. 

Dheweke nyebutake upama ora ana sedimentasi, tampungan Waduk Gonggang iki bisa maksimal 1.900.000 meter kibik.

Nanging merga ana sedimentasi waduk ing taun 2017 nyabababke daya tampung banyu suda 400.000 meter kibik.

Nganti saiki pintu air isih dibukak kanggo kabutuhan pertanian Kecamatan Poncol sing debite kira-kira 70 liter per detik.

‘’Rencanane, pintu air kita tutup sarampunge MT-3 kira-kira Oktober mengko,’’ Anis mungkasi katerangane. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#magetan #bbws #pertanian #Bengawan Solo #kabupaten #poncol #waduk gonggang