Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Info Viral Gempa Megathrust, Wisatawan ing Destinasi Wisata Pantai neng Pacitan Suda Akeh

Satmiko Supraptono • Senin, 16 September 2024 | 20:00 WIB
KUWATIR MEGATHRUST: Swasana objek wisata Pantai Teleng Ria, Pacitan, ora pati rame wingi (15/9). (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)
KUWATIR MEGATHRUST: Swasana objek wisata Pantai Teleng Ria, Pacitan, ora pati rame wingi (15/9). (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Wisatawan sing plesiran kususe ing destinasi wisata pantai neng Kabupaten Pacitan suda akeh.

Gegarane info viral babagan gempa megathrust saengga wisatawan pikir-pikir yeng arep wisata menyang Kota 1.001 Gua iki.

‘’Kita tetep waswas, yen ana apa-apa (potensi bencana), kita dijaluk ndang balik neng bis,’’ kandhane Anik Rodiyah, wingi (15/9).

Wisatawan saka Kabupaten Sukoharjo, Jawa Tengah, iki ditemoni nalika plesiran karo rombongane neng Pantai Teleng Ria, Pacitan.

Miturut dheweke, Kabupaten Pacitan pancen duwe wisata alam kang endah, utamane pantai sing madhep Laut Kidul.

Nanging, kanggo ngendhani kadadean sing ora dikepinginake, rombongane milih ngadohi pantai.

‘’Mung neng Pantai Teleng Ria, sawise iki menyang Pemandian Air Hangat (ing Kecamatan Arjosari),’’ sambunge.

Sawetara Andi Setyawan, salah siji pangelola biro perjalanan pariwisata ing Pacitan uga ngonfirmasi yen cacahe wisatawan suda.

‘’Ana sing takon merga kuwatir luwih-luwih bab iki (gempa megathrust), kita ora bisa meksa wisatawan,’’ jarene.

Kanggo kaweruh, Badan Meteorologi, Klimatologi, dan Geofisika (BMKG), ngrilis potensi gempa megathrust ing Indonesia.

Malah dikabarake yen gempa megathrust iki kari ngenteni wektu jalaran wis atusan taun ora kadadean gempa gedhen.

Ora lidok, rilis iki ndadekake masyarakat kuwatir. Jalaran Pacitan klebu salah siji tlatah sing duwe potensi tsunami.

Nanging, nganti saiki durung ana teknologi sing bisa ngramalake wektune gempa bumi kanthi titis lan akurat.

Iki kandhane Kabid Kedaruratan dan Logistik Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Pacitan Radite Suryo Anggono. 

Mula, pihake njaluk masyarakat ora perlu panik. Apameneh, potensi gempa megathrust kuwi sejatine wis suwe dirilis BMKG.

‘’Informasi iki tujuane kanggo ningkatake kawaspadaan masyarakat. Jadi, ora kanggo ngedheni,’’ Radite mungkasi katerangane. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#megathrust #bpbd #pacitan #wisata #Viral #kabupaten #teleng ria #bmkg #pantai