Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Astana Giribangun Karanganyar, Wisata Religi Makame Presiden Soeharto sing Patut Diziarahi

Satmiko Supraptono • Senin, 16 September 2024 | 23:00 WIB
MAGRONG-MAGRONG: Astana Giri Bangun ing Desa Girilayu, Kecamatan Matesih, Kabupaten Karanganyar. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
MAGRONG-MAGRONG: Astana Giri Bangun ing Desa Girilayu, Kecamatan Matesih, Kabupaten Karanganyar. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

KARANGANYAR, Jawa Pos Radar Madiun – Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah, isih duwe objek wisata religi sing patut diziarahi.

Ora mung Astana Mangadeg lan Astana Girilayu minangka kompleks pasareane raja-raja Pura Mangkunegaran, Surakarta (Solo).   

Nanging uga ana Astana Giribangun, makam Presiden Ke-2 Republik Indonesia Soeharto lan garwane Ibu Tien Soeharto.

Makam iki isih sakompleks karo Astana Mangadeg lan Astana Girilayu, ing Kecamatan Matesih, neng sikile Gunung Lawu.  

Kompleks makam kulawargane Soeharto iki dibangun ing sangisore pasarean loro kuwi. Dhuwure 750 meter di atas permukaan laut. 

Jalaran Ibu Tien Soeharto (garwane Presiden Soeharto) isih katurunan utawa trah saka Raja Mangkunegara III.

Dibangun ing lahan sing ambane 43 hektar, kompleks Astana Giribangun iki duwe telung tingkat utawa kubah,

Siji-sijine duwe karan dhewe-dhewe. Yakuwi Cungkup Argo Kembang, Cungkup Sari, lan Cungkup Argo Tuwuh.

Ing kompleks iki uga dibangun masjid lan panggonan istirahat kusus kulawargane Soeharto yen lagi jiarah.

Kaya omah pribadi keluarga Cendana (sebutane kulawarga Soeharto) sing uga duwe area parkir kusus.

Uga disdyakake fasilitas umum kanggo wisatawan umum utawa pajiarah. Ing antarane panggonan parkir umum.

Fasilitas liyane kamar mandi lan toilet, uga musala kanggo wisatawan. Ana ruang tunggu cacah loro kanggo ngaso wisatawan.

Neng kene uga ana omah jaga. Mula wiatawan utawa pajiarah wajib ijin lan daftar dhisik neng panjagane. 

Yen arep menyang Astana Giribangun, saka pusat Kota Solo kira-kira butuh wektu 45 menit ngganggo kendaraan.

Destinasi wisata religi iki dibukak kanggo wisatawan utawa pajiarah umum saben dina wiwit jam 08.00 nganti jam 17.00.

Ana aturan sing wajib diugemi para pajiarah. Kabeh wis katulis ing papan pengumuman kompleks makam iki.

Saliyane jam operasional kasebut, kompleks makam Astana Giribangun  mung dibukak kanggo keluarga Cendana. (dam)

Editor : Satmiko Supraptono
#Astana Girilayu #jawa tengah #karanganyar #astana giribangun #Astana Mangadeg #kabupaten #madiun #soeharto #gunung lawu #presiden