Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | ”Ngilang”, Grombolan Monyet Ekor Panjang sing Nyerang Permukiman neng Magetan nalika Disurvei

Aprilita Sari • Rabu, 18 September 2024 | 20:00 WIB
NGGAWE RESAH: Grombolan kethek kerep mudhun neng permukiman Desa Sidomukti, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan.  (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
NGGAWE RESAH: Grombolan kethek kerep mudhun neng permukiman Desa Sidomukti, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Serangan kethek (monyet) ekor panjang ing Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, disurvei.

Iki konfirmasine Kepala Bidang Balai Konservasi Sumber Daya Alam  (BKSDA) Wilayah I Madiun Agustinus Krisdijantoro.

Miturut dheweke, pihake entuk informasi call center saka BBKSDA Jawa Timur, 11 September 2024, kepungkur.

Sing isine babagan konflik satwa liar ing Dusun Kalitengah, Desa Sidomukti, Kecamatan Plaosan, kuwi.

‘’Kita wis ngecek lapangan konflik satwa MEP (monyet ekor panjang), Kemis (12/9) kepungkur,’’ kandhane wingi (17/9).   

Miturut informasine warga, kaanane MEP wis ana wiwit nem wulan kepungkur. Kawitane mung loro, saiki dadi wolu.

Satwa kuwi kerep muncul ing wayah isuk lan sore uga ndadekake resahe warga jalaran ngrusak omah lan tetanduran.

Kaananan iki uga wis dilapurake Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Kabupaten Magetan.

Nanging ora kasil nangani jalaran nalika ditekani kethek-kethek kuwi malah ora ngetok ing permukiman warga.

Agustinus nambahi, lokasi iki sejatine adoh saka kawasan hutan negara. Nanging dikubengi papringan lan sawah uga kali.

Saengga pancen akeh pakan MEP neng kene. Mula pihake mung sosialisasi tata cara ngelola konflik.

Masyarakat kudu gotong royong nanganine uga dijaluk ati-ati supaya ora nganti nimbulake korban jiwa. 

Pihake uga wis koordinasi karo BPBD Magetan. Sanajan ora duwe kaweruh bab MEP, nanging BPBD siap kerja sama. 

Pihake uga nggandheng Dinas Lingkungan Hidup dan Pangan (DLHP) Magetan kanggo nangani konflik satwa liar iki.

Kanggo kaweruh, serangan kethek ing Desa Sidomukti, Kecamatan Plaosan kuwi ndadekake masyarakat resah.

Jalaran ora mung ngrusak omah (gendheng) lan tetanduran neng kebon nanging uga kerep nggondhol pemeane warga. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#bpbd #bksda #magetan #DLHP #kabupaten #jawa timur #madiun #monyet #plaosan