Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Unik! Puri Taman Saraswati Karanganyar Bukti Warga Desa Gumeng lan Gianyar Bali Duwe Leluhur sing Padha

Satmiko Supraptono • Kamis, 19 September 2024 | 00:00 WIB
WISATA RELIGI: Puri Taman Saraswati, Desa Gumeng, Kecamatan Jenawi, Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
WISATA RELIGI: Puri Taman Saraswati, Desa Gumeng, Kecamatan Jenawi, Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

KARANGANYAR, Jawa Pos Radar Madiun – Ana destinasi wisata sing arang-arang wong weruh ing kompleks Candi Cetho.

Persise ana ing Dusun Cetho, Desa Gumeng, Kecamatan Jenawi, Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah.

Objek wisata unik iki karan Puri Taman Saraswati. Sanajan wujude wis modern nanging duwe sejarah sing lumayan dawa.

Kawitane, panggonan iki dibangun Van de Vlies ing taun 1842 (jaman Belanda). Banjur direnovasi lan diresmekake 2007.

Sing ndadekake unik, taman iki dibangun bareng-bareng Pemkab Karanganyar, Jawa Tengah lan Pemkab Gianyar, Bali.

Jalaran, miturut sejarahe, warga Desa Gumeng lan Gianyar duwe garis katurunan leluhur sing padha, kususe sing agamane Hindu.

Saliyane destinasi wisata, taman iki uga minangka panggonan sembahyang lan kagiatan kaagamaan umat Hindu.

Ing kene ana patung Dewi Saraswati kang ayu lan anggun kanthi hiasan werna emas ing ornamene.

Luwih unik meneh, patung iki jebule digawa langsung saka Kabupaten Gianyar, Bali, lan sengaja dipasang neng kene.

Puri Taman Saraswati iki manggon ing perengan lor Gunung Lawu sing dhuwure 1.470 meter di atas permukaan laut.

Miturut agama Hindu, Dewi Saraswati digambarake minangka sosok kang alus lan nganggo busana kang endah.

Uga duwe singgasana ing sandhuwure padma utawa kelopak kembang terate sing diusung banyak (angsa) loro.

Dewi Saraswati uga digambarake duwe tangan papat. Maknane, sanajan wadon, nanging duwe kaweruh lan luhur bebudene.

Piranti papat sing dicekel nggambarake ilmu sing diduweni. Yakuwi Wina, Damaru, Aksamala, lan Pusaka.

Wina artine kakuatan kang endah, lemah lembut, menarik, lan mulya, kang dadi sipat saka ilmu pengetahuan.

Damaru minangka simbole seni lan budaya kang endah lan agung. Aksamala artine ilmu pengetahuan kang tanpa wates.

Sawetara Pusaka minangka simbol ilmu pengetahuan. Perayaan kanggo Dewi Saraswati sing karan Hari Saraswati.

Acara iki digelar saben nem wulan pisan lan dadi salah siji Hari Raya umat Hindu kanggo ngrayake ilmu pengetahuan lan kasucian.

Puri Taman Saraswati iki lokasine ana sandhuwure Candi Cetho, mung cukup munggah undhak-undahakan sing ora pati adoh.

Neng kene pamandangan alame endah, hawane seger lan ana sumber air sendang bening lan adhem. (mg10/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#Candi Cetho #jawa tengah #karanganyar #wisata #kabupaten #taman #madiun #Bali #Saraswati #gunung lawu