Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kena Glembuk ”Anggota BIN sing Cedhak Karo Prabowo”, Likuran Warga Kota Madiun Lapur Pulisi

Anggiyan Bayu • Kamis, 19 September 2024 | 17:30 WIB
KAPUSAN: Para korban kasus dugaan penipuan lapur neng Polres Madiun Kota. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
KAPUSAN: Para korban kasus dugaan penipuan lapur neng Polres Madiun Kota. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Pirang-pirang warga Kota Madiun dadi korban kasus dugaan penipuan.

Jalaran rumangsa kapusan, para korban iki milih lapur menyang Mapolres Madiun Kota, Senen (16/9) bengi.

RG, salah siji korban, ngaku yen diapusi HK alias Wawan sing diduga uga warga Kota Madiun.

Nom-noman 21 taun iki diiming-imingi bisa mlebu lan nyambut gawe neng PT KAI (Kereta Api Indonesia).

RG dijaluki dhuwit Rp 83 yuta minangka tanda jadi. Ora mung RG, total korbane ana kira-kira 26 wong.

Korban liyane uga ana sing dijanjeni bisa mlebu lan dadi anggota TNI-Polri nganti kejaksaan.

Likuran korban iki percaya karo glembuke Wawan jalaran ngakune minangka anggota Badan Intelijen Negara (BIN).

Ora mung kuwi, pelaku uga wani ngaku yen cedhak karo presiden terpilih Prabowo Subianto.

Umume para  korban purnawirawan TNI sing kepingin nglebokake anake ing instansi pemerintah.

Nominal setorane beda-beda. Ana sing lagi mbayar uang muka lan ana uga sing wis lunas kira-kira Rp 170 yuta.

Kelakuane Wawan kabukak nalika para korban arep dibudhalake menyang  kantor Badan Intelijen Negara Daerah (Binda) Jawa Timur.

Para korban iki dikumpulake ing salah siji gedung neng tlatah Kecamatan Maospati, Kabupaten Magetan.

Nanging bis sing arep dienggo ngangkut para korban ora teka-teka. Alesane Wawan bis mogok neng Ngawi.

Sasiwe suwe ngenteni, Wawan ujuk-ujuk ngilang tanpa kabar lan ora bisa dihubungi meneh. ‘’Mula kita lapur pulisi,’’ kandhane.

Sawetara Kasat Reskrim Polres Madiun Kota AKP Sujarno ngonfirmasi bab anane lapuran para korban dugaan penipuan iki.

Nanging jalaran tempat kejadian perkara (TKP) neng Magetan, para korban dijaluk lapur menyang Polres Magetan.

‘’Wis kita byantu koordinasi karo Satreskrim Polres Magetan,’’ Sujarno mungkasi katerangane. (ggi/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#BIN #kereta api indonesia #penipuan #tni-polri #kota #madiun #Kejaksaan #prabowo subianto #Mapolres