‘’Minggu wingi, kita wis ngleksanakake tumindak pamreksaan, klebu tes urine kabeh anggota polres lan polsek.’’ (AKBP AGUNG NUGROHO, Kapolres Pacitan)
PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Tumindake oknum anggota Polres Pacitan siji iki jan ora ilok lan ora patut dituladani.
Piye meneh, minangka aparat penegah hukum (APH) nanging malah nerak aturan ukum sing mesthine kudu ditegakake.
Akibate, oknum kuwi diringkus kancane dhewe saka Polda Jawa Timur jalaran diduga ngonsumsi narkoba jinis sabu-sabu (SS).
Kapolres Pacitan AKBP Agung Nugroho getem-getem karo tumindake oknum anggotane sing nyalahgunakake barang haram iki.
Miturut dheweke, oknum iki kacathet minangka anggota bhayangkara pembina keamanan dan ketertiban masyarakat (bhabinkamtibmas).
Oknum iki dicekel nalika ing Surabaya pirang-pirang dina kepungkur. ‘’Ditangani Polda Jatim,’’ kandhane wingi (19/9).
Sayange, Kapolres wegah mbukak jeneng lan pangkate oknum kuwi. Semono uga kronologi nalika kecekel.
Sawise kadadean kuwi, pihake uga langsung mreksa kabeh anggotane sing ana ing Polres Pacitan.
‘’Minggu wingi, kita wis ngleksanakake tumindak pamreksaan, klebu tes urine kabeh anggota polres lan polsek,’’ sambunge.
Kapolres uga wanti-wanti supaya kasus iki bisa dadi pelajaran kanggo kabeh anggota pulisi liyane.
Jalaran, minangka APH kudune njaga kaamanan, katertiban masyarakat lan negakake hukum.
Uga menehi pangayoman lan palayanan marang masyarakat. Ora malah kosok baline nerak aturan hukum.
‘’Anggota sing terlibat narkoba ora ana toleransi, kudu diukum sing abot,’’ Agung negesake katerangane. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono