Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ngece Pulisi! Aksi Balap Liar neng Ponorogo Isih Ana Masiya Wis Diajangi Latber Saben Setu Sore

Satmiko Supraptono • Senin, 23 September 2024 | 16:30 WIB
BALAP LIAR: Satlantas Polres Ponorogongamanake puluhan remaja lan kendaraaneing Jalan Suromenggolo. (SATLANTAS POLRESU PONOROGO)
BALAP LIAR: Satlantas Polres Ponorogongamanake puluhan remaja lan kendaraaneing Jalan Suromenggolo. (SATLANTAS POLRESU PONOROGO)

PONOROGOJawa Pos Radar Madiun – Satlantas Polres Ponorogo digawe gregeten karo kelakuane para pembalap liar.

Sejatine, pulisi wis ngajangi balap montor ing Jalan Juanda saben Setu sore utawa seminggu kaping pisan.

Nanging isih ana wae puluhan nom-noman sing konangan trek-trekan utawa balapan ing Jalan Suromenggolo.

Jalaran kelakuane sing ora ilok kuwi, pulisi ngamanake saora-orane 39 kendaraan rodha loro utawa pit  montor.

Miturut Kasatlantas Polres Ponorogo AKP Bayu Pratama Sudirno aksi balapan liar kuwi konangan petugas kaping pindho.

Kasiji, 33 unit kendaraan ing akir Agustus kepungkur lan nem pit montor liyane ing awal September kepungkur.

Pit montor sing diamanake kuwi dudu mung duweke remaja Ponorogo, sabagean uga saka njaba daerah kaya Wonogiri, Jawa Tengah.

Sing luwih nggawe pulisi getem-getem, kabeh nganggo knalpot brong, lan dimodifiaksi kusus race tanpa pelat nomor lan sepion.

Tanpa nyawang wulu, pihake ngetrepake sanksi tegas, ora mung nyita  lan ngamanake kendaraane ing mapolres.

Luwih saka kuwi, surat ijin mengemudi (SIM) duweke para remaja ndhugal kuwi uga kaancam dijabut.

Dheweke njaluk para remaja sing duwe hobi balap montor nggunakake latihan bersama (latber) ing Jalan Juanda saben Setu sore.

Kanggo nyegah lan mbrantas aksi balap liar ing Ponorogo, pihake bakal nindakake pendataan para pelakune.

Yen nganti konangan lan kecekel melu balap liar kaping telu, pihake bakal njabut SIM duweke para pelaku.

‘’Mengko bakal kita evaluasi, sing melu balap liar iki uga melu latber apa ora,’’ bayu mungkasi katerangane. (gen/kid)

Editor : Satmiko Supraptono
#sim #satlantas #wonogiri #Kasatlantas #polres #pembalap #Liar #ponorogo