Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ikan Hias Chinese High Fin, Iwak Primitif saka Kali Yang Tse, Tiongkok, bobote Bisa Nganti 40 Kilogram

Satmiko Supraptono • Selasa, 24 September 2024 | 23:30 WIB
ISIH LARANG: Ikan Hias Chinese High Fin Iwak Primitif sing arang-arang ana ing pasaran. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
ISIH LARANG: Ikan Hias Chinese High Fin Iwak Primitif sing arang-arang ana ing pasaran. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Ana maneka jinis iwak (ikan) hias sing bisa diingu lan dikoleksi minangka hobi.

Wiwit sing regane murah nganti sing larang uga wiwit iwak lokal nganti saka mancanegara, kabeh kari nari isine dompet.

Salah sijine, Chinese High Fin sing arang-arang ana ing pasaran. Saengga duwe kesan prestisius yen diingu.

Yen disawang saklebatan, iwak iki angel yen didadekake siji karo iwak hias sing akeh neng pasaran wektu iki.

Apameneh yen didadekake siji karo iwak hias lokal asli Indonesia. Iki jalaran bentuke nyleneh uga karan iwak primitif.

‘’Iwak iki asline saka Tiongkok, persise saka kali Yang Tse,’’ kandhane Hana, bakul iwak hias ing Pasar Depok, Kota Solo, Jawa Tengah.

Miturut Hana, iwak iki salah siji jinis iwak primitif saka kulawarga Cyprinidae (golongan ikan mas ing Indonesia, Red).

Masiya isih sedulur karo iwak mas, Chinese High Fin iki cocog kanggo iwak hias ing akuarium utawa aquascape.

Kaunikan fisike, sirip gegere dhuwur lan bentuke babar blas ora memper  karo iwak hias lokal Indonesia.

Iwak iki klebu golongan iwak arus bawah utawa dhasar, mula pakane kudu sing bisa kelem.

Yen didadekake siji karo jinis iwak hias liyane, cocog kanggo gantine iwak sapu-sapu sing bisa ngresiki sisa pakan neng akuarium.

Saliyane cocog kanggo aquascape ukuran cilik, iwak iki uga cocog dicampur karo jinis iwak predator.

Jalaran bobote iwak iki bisa nganti 40 kilogram ing alam liar utawa habitat asline lan separone yen diingu neng akuarium.

Mula, yen isih anakan (baby) iwak iki bisa dicampur karo iwak hias jinis liyane sing ukurane cilik-cilik.

Nanging yen wis gedhe utawa dewasa, luwih cocog dicampur karo iwak jinis predator liyane.

Ing pasaran ikan hias, iwak iki regane rata-rata Rp 200.000 ukuran sajempol tangane wong dewasa.

Regane tansaya larang yen tansaya gedhe ukurane. ‘’Rada larang jalaran durung akeh neng pasaran,’’ Hana mungkasi katerangane. (ves/nik)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #Hias #primitif #pasar depok #hobi #ikan #madiun #tiongkok