Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Fakta Tari Keling, Diklem Asli saka Pacitan nanging Uga Eksis ing Ponorogo, Apa Wae Bedane?

Satmiko Supraptono • Selasa, 24 September 2024 | 16:30 WIB
SARWA-IRENG: Penampilan Tari Keling ing Festival Rawat Jagat #3 Kabupaten Pacitan, Setu (21/9) wingi. (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)
SARWA-IRENG: Penampilan Tari Keling ing Festival Rawat Jagat #3 Kabupaten Pacitan, Setu (21/9) wingi. (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Tari Keling, kira-kira akeh  wong sing durung weruh, utawa malah lagi krungu.

Nanging, tari iki wis rutin ditampilake nganti ing Festival Rawat Jagat #3 Kabupaten Pacitan, Setu (21/9) wingi.

Koordinator Konsorsium Kangen Pacitan (KKP) Abdilah Yusuf, minangka inisiator event iki, ngeklem asli Pacitan.

Umume, tarian iki ditampilake ing upacara adat utawa hari besar nasional minangka hiburan masyarakat.

‘’Penampilan kabeh penarine sarwa-ireng, ora mung busanane nanging awake uga dikelir ireng,’’ kandhane wingi (22/9).

Tarian iki minangka wujude masyarakat Kalipelus ing jaman biyen. Werna ireng duwe filosofi kawibawan lan kakuatan.

Semono uga solah bawane kakandhut makna sing jero banget tumrap sendi-sendi panguripan masyarakat.

Cakepan utawa lirik tetembangane uga kakandhut pitutur luhur. ‘’Tari Keling iki asli saka Kalipelus,’’ jarene.

Nanging, Tari Keling uga eksis ing Dusun Mojo, Desa Singgahan, Kecamatan Pulung, Kabupaten Ponorogo.

Keling sing artine ireng uga saka tembung eling. Nganti saiki masyarakat kono tansah nguri-uri tari purba iki.

Ing Ponorogo, penarine cacah 35 wong. Sing nggambarake prajurit, pujangga, abdi tua utawa emban, lan panggambira keraton.

Sing padha mung busanane prajurit. Penarine uga ngelir wutuh awake nganggo pawerna ireng.

Tari Keling Ponorogo nggunakake mahkota saka wulu pitik, sawetara ing Pacitan nganggo iket sirah.

Ing Ponorogo penarine nutupi aurat nganggo anyaman blarak, sawetara ing Pacitan ngganggo clana ireng. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pacitan #rawat jagat #Kebonagung #kabupaten #tari keling #Pulung #festival #ponorogo