Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ngenes! Madiun Umbul Square Kabupaten Madiun Ora Mung Kajiret Kasus nanging Pendapatane uga Minim

Loditya Fernandes • Senin, 30 September 2024 | 20:00 WIB
ILUSTRASI: Para wisatawan ndeleng satwa koleksine kebun binatang mini ing MUS Kabupaten Madiun. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
ILUSTRASI: Para wisatawan ndeleng satwa koleksine kebun binatang mini ing MUS Kabupaten Madiun. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Gelem ora gelem manajemen Madiun Umbul Square (MUS) kudu mawas diri.

Destinasi wisata sing neng Desa Glonggong, Kecamatan Dolopo, Kabupaten Madiun iki mati wegah urip aras-arasen. 

Jalaran ora mung kajiret kasus ngedol satwa kanthi ilegal, nanging objek wisata duweke Pemkab Madiun iki uga minim pendapatan.

Masiya statuse padha-padha badan usaha milik daerah (BUMD), nanging jomplang tinimbang loro BUMD liyane.  

Malah nate mung ngasilake pendapatan welasan yuta rupiah setaun. Kamangka BUMD liyane wis tembus milyaran rupiah.  

‘’MUS paling sithik,’’ kandhane Sekretaris Badan Pendapatan Daerah (Bapenda) Kabupaten Madiun Ari Nursurahmat wingi (28/9).

Ing 2024 wingi, pendapatan MUS mung Rp 11,25 yuta. Kaya bumi lan langit yen dibandhingake loro BUMD liyane

Jalaran Bank BPR Kabupaten Madiun Rp 3,27 milyar lan Perumdam Tirta Dharma Purabaya ngasilake Rp 2,73 milyar.

Taun iki pendapatane MUS pacen mundhak. Per 19 September 2024 wingi wis nyenggol angka Rp 30 yuta.

Nanging panggah wae isih adoh karo pendapatane Bank BPR lan Perumdam Tirta Dharma Purabaya.

Bank BPR wis nganthongi pendapatan Rp 3,37 milyar lan Perumdam Tirta Dharma Purabaya Rp 3,30 milyar.

Paling ngenes taun 2021-2022, pendapatan objek wisata ing Kecamatan Dolopo iki nol rupiah. ‘’Nalika pandemi Covid-19,’’ sambunge.

Kosok baline, wiwit 2021 pendapatan Bank BPR lan Perumdam Tirta Dharma Purabaya malah ngluwihi target.

Ari negesake menawa Bapenda mung organisasi perangkat daerah (OPD) sing tugase ngumpulake pendapatan daerah.

Babagan pembinaan, pengawasan, nganti anane reward lan sanksi bab pendapatan sing bisa digayuh dudu kawenangane.   

‘’Sing duwe kawenangan bab iki Bagian Perekonomomian Setdakab Madiun,’’ Ari mungkasi katerangane. (odi/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#BUMD #bpr #bapenda #Perumdam #wisata #kabupaten #pemkab #madiun #mus #madiun umbul square