MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Proyek pembangunan Sirkuit Balap Magetan (SBM) disidak Pj Gubernur Jatim Adhy Karyono.
Inspeksi mendadak (sidak) iki kanggo mesthekake proyek kuwi bisa rampung miturut kontrak 22 Desember 2024 mengko.
Miturut Adhy, gagasan mbangun SBM iki jalaran Magetan duwe pembalap montor kelas dunia (Moto2) Mario Suryo Aji.
Pemkab Magetan ngajokake bantuan menyang pemprov Rp 15 milyar. Nanging, kanggo standar internasional butuh Rp 34 milyar.
Proyek sing saiki digarap anggarane Rp 13,48 milyar. Saengga isih butuh anggaran akeh kanggo mujudake.
Saka asile sidak iki, Adhy optimistis proyek iki bisa rampung kaya sing ditargetake, yakuwi 22 Desember 2024.
Dideleng saka gambar lintasan lan prototype, dheweke mbiji apik. Nanging isih butuh fasilitas panunjang liyane.
Pemkab Magetan uga wis nganggarake ing APBD 2025 Rp 5 milyar lan ngarep-arep uga ana bantuan meneh saka pemprov.
Adhy nambahi yen pemkab uga bisa ngandheng mitra saka pihak swasta, kususe ing bidang olahraga otomotif.
Saengga kabukak peluang kanggo narik sponsor mlebu ing proyek SBM neng Kelurahan/Kecamatan Parang iki.
Sirkuit iki minangka bukti wujud apresiasi kanggo sapa wae sing duwe prestasi sing bisa ngarumake bangsa lan negara.
Saliyane kuwi, anane sirkuit iki diarep-arep bisa ngobahake rodha ekonomi Kabupaten Magetan, kususe tlatah Parang.
‘’Anane sirkuit iki diarep-arep bisa nglairake atlet pembalap sing duwe prestasi saka Magetan lan sakubenge,” Adhy mungkasi katerangane. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono